Waosan : Mateus 22 : 1 – 14 | Pamuji : KPJ. 160 : 1, 2
Nats: “Sabab akeh kang tinimbalan nanging mung sathithik kang pinilih” (Ay. 14).
Wonten salah setunggaling greja ingkang badhe ngawontenaken kegiatan bakti sosial (baksos). Lajeng Majelising Pasamuan miji perangan warganing pasamuwan dados panitia baksos punika. Ing ngriku mawarni-warni tanggapanipun warga ingkang kapiji dados panitia. Bapak Narto matur, ”Ngapunten kula boten saged dados panitia, kula taksih kathah pendamelan ingkang dereng rampung.” Ibu Jati matur,”Kula taksih repot kaliyan pendamelan ing griya, yoga kula taksih alit boten saged dipun tilar, ngapunten kula dereng saged dados panitia.” Bapak Mulyo,”Inggih kula sumadya lan purun dados panitia, kula inggih kepengin sinau kaliyan para kanca pasamuwan sanesipun ing bab bakti sosial punika.” Saking tiyang tiga punika namung Bapak Mulyo ingkang sumadya lan ngestokaken timbalanipun Gusti makarya lumantar dados panitia bakti sosial.
Gusti Yesus anggenipun paring piwucal dhumateng para sakabat lan tiyang Yahudi nalika semanten migunaaken pasemon bab pahargyan manton ing Kraton. Kacariosaken ing pasemon punika wonten ratu ingkang ngundang para tiyang ingkang kauleman, ananging para tiyang punika boten kersa rawuh. Selajengipun Sang Ratu punika ngutus abdinipun ngundang para tiyang ingkang boten pantes, para tiyang ingkang wonten margi sae punika tiyang awon lan tiyang becik. Ing satengahing pahargyan wonten tamu ingkang boten damel sandhangan pesta. Lajeng piyambakipun dipunukum karana boten ngestokaken undangan Sang Ratu punika.
Saking pasemonipun Gusti Yesus punika gambaraken kawontenanipun bangsa Israel ingkang sejatosipun nampi kawilujengan saking Gusti, ananging dipun tampik. Lajeng Gusti Allah maringi kawilujengan dhateng sedaya bangsa ugi dhateng kita sedaya ingkang pitados lan ngestoaken timbalanipun. Syaratipun kita kedah ngagem sandhangan pesta, artosipun punapa ingkang dados tumindak gesang kita kedah sae lan pantes ing ngarsanipun Gusti. Bilih Gusti Allah karsa nimbali kita, mangga kita sumadya lan nindakaken pakaryanIpun Gusti punika wonten gesang kita. Sampun ngantos kita selak utawi namung semaya, nanging mangga kanthi suka bingah kita purun lelados kagem Gusti lan sesami kita. Awit kita sampun katimbalan, kapiji lan kawilujengaken dening Gusti Yesus. (AR).
“Gusti Yesus nimbali lan miji para umatipun supados para umatipun pinaringan kawilujengan”