Gesang Ing Katresnan Pancaran Air Hidup 11 November 2025

11 November 2025

Waosan: 2 Yokanan 1 : 1 – 13  |  Pamuji: KPJ. 62
Nats: “Dene katresnan iku yaiku: urip kita kudu manut ing pepakone. Dene pepakon iku yaiku, kaya anggonmu wus padha krungu ing wiwitan mula, supaya kowe padha urip ana ing sajroning katresnan.” (Ayat 6)

Tiyang tumbas rasukan punika kedahipun ukuranipun pas. Kanggenipun tiyang ingkang ukuran rasukanipun XL tamtu badhe pados rasukan ingkang ukuranipun XL. Mekaten ugi tiyang ingkang ukuran rasukanipun S tamtu badhe pados rasukan ingkang ukuranipun S, ingkang pas kaliyan badanipun. Mekaten ugi kangge kita para tiyang Kristen ingkang ndherek Gusti Yesus, wonten ukuran kangge kita supados lampah gesang kita punika pas kaliyan punapa ingkang dados karsanipun Gusti Yesus, inggih punika katresnan. Gesang kita punika sampun leres punapa dereng, saged dipun gatosaken saking polah tingkah kita sadinten-dinten, punapa kita sampun nresnani sesami kita, punapa dereng?

Waosan kita dinten punika nyerat bab katresnan. Rasul Yokanan lumantar seratipun nedahaken dhateng kita, punapa punika katresnan. Ing nats kita kasebataken, “Katresnan iku yaiku: urip kita kudu manut ing pepakone.” (Ay. 6). Inggih, gesang kita punika kedah miturut dhumateng karsanipun Gusti. Rasul Yokanan ngengetaken prekawis punika supados para umat sami waspada tumrap juru piwulang palsu ingkang mboten ngakeni Gusti Yesus punika Gusti lan juru wilujenging manungsa (Ay. 7). Para umat kedah ngantepi piwucalipun Gusti Yesus sarta gesang kebak katresnan sanadyan ngadhepi mawerni-werni panggodha lan pacoben. Para umat kedah nuwuhaken kayekten sarta mboten mangu-mangu salebeting gesang dados umatipun Gusti Yesus.

Ing sasi budaya punika, mangga kita sami niti priksa gesang kita piyambak-piyambak. “Sepinten agenging katresnan kita dhumateng Gusti? Punapa kita sampun nresnani sesami kita kanthi tulus?” GKJW lumantar sasi budaya punika sami ngajak kita sadaya merjuangaken budaya pro pigesangan. Tegesipun kita kedah ngupaya gesang ing katresnan, gesang ingkang nuwuhaken karukunan lan katentreman. Sampun ngantos kita dawah ing gesang ingkang kebak pasulayan, karisakan, lan padu. Mangga kita terus merjuang kangge mbangun gesang ing katresnan, sae tresna dhumateng Gusti ugi sesami. Amin. [AR].

“Gesang ing katresnan punika saged kita lampahi sarana manut dhateng piwucalipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak