Pait – Getir Pancaran Air Hidup 11 November 2024

11 November 2024

Waosan: Rut 1 : 1 – 22 | Pamuji: KPJ. 146
Nats: “Aku bok aja kokarani Naomi, aran-ana Mara, amarga kang Mahakuwasa ngganjar pait-getir marang aku.” (Ayat 20)

Punapa panjenengan nate ngraosaken sayur pare? Kados pundi raosipun? Pare punika teneman sayur ingkang tuwuhipun mrambat, wohipun kerut-kerut lan bintil-bintil, raosipun pait lan getir. Nanging menawi dipun olah kanthi leres, Pare badhe dados tetedan ingkang eca sanget. Pare ugi sae kangge kesehatan awit ing ngriku, kita pikantuk vitamin C, vitamin A, fosfor, lan besi kangge nambah nutrisi ing badan.

Raos pait getir mboten namung ing sayur Pare kemawon, nanging ugi gesangipun manungsa. Punika ingkang dipun raosaken dening Naomi, kados ing waosan dinten punika, “aku bok aja kok-arani Naomi, aran-ana Mara, amarga kang Mahakuwasa ngganjar pait-getir marang aku.” (Ay. 20). Naomi nyuwun kasebat Mara, mboten kersa kasebat Naomi, awit piyambakipun ngraosaken momotan gesang ingkang awrat. Piyambakipun katilar dening semahipun, Elimelekh, lan putranipun kalih, Makhlon lan Khilyon. Selajengipun gesang kaliyan mantunipun kalih, Orpa lan Rut. Sadaya dados randha. Prekawis punika ndadosken Naomi rumaos bilih mboten wonten tiyang ingkang saged njamin gesangipun malih. Mila saking punika, rikala wangsul ing Israel, piyambakipun mboten kersa kasebat Naomi nanging Mara. Senaosa ngraosaken pait getir, nanging sejatosipun wonten rancanganipun Gusti Allah ingkang endah dhateng umat-Ipun. Rut ingkang setya ndherek Naomi lan ndherek nyembah Sang Yehuwah, Allahipun Naomi, selajengipun dados garis turunipun Sang Masih, Gusti Yesus Kristus.

Lampah gesangipun Naomi ngengetaken kita bilih Gusti Allah mboten nate ngrancang prekawis ingkang awon dhateng kita umat-Ipun. Rancanganipun Gusti Allah saestu endah. Sayur pare, mboten mligi kraos pait-getir, nanging ugi kraos eca, langkung-langkung ugi migunani kangge kesehatan. Punika dados semangat kangge kita ngadepi gesang ingkang pait- getir, supados kita mboten semplah. Mangga kita pasrahaken sawetahing gesang kita wonten asta-Nipun Gusti Allah, awit namung Gusti Allah ingkang nunggil, ngrimati, sarta mberkahi kita. Amin. [SWT].

“Pasrah mring Allah nyuwun kiyat, sira tamtu rinoban sih rahmat.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak