Waosan : Mateus 24 : 29 – 34 | Pamuji : KPJ. 17 : 1, 5
Nats: “Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.” (Ay. 30)
“Kapan bapak rawuh, bu?”, punika pitakenanipun lare 5 taun dhateng ibunipun tumrap kawontenanipun Bapakipun ingkang sampun dangu boten wangsul karana tugas dinas kemiliteran ing mancanegara. Mangsuli pitakenan putranipun punika, ibu punika matur,”Sabar ya le, Bapak saiki isih tugas negara, wetawis setaun engkas bapak mesthi wis bali kumpul karo awake dhewe.” Saking carios punika kita saged mangertos kados pundi anggenipun lare 5 taun punika kangen kaliyan Bapakipun ingkang dangu boten nate kepanggih. Ing pemanggihipun lare punika, kados-kados bapakipun boten badhe wangsul malih. Lare punika saged ayem sak sampunipun ibunipun paring pangertosan bilih Bapakipun badhe wangsul setunggal taun malih sak rampungipun tugas dinas.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang paring piwucal bab dinten rawuhipun Putraning Manungsa. Gusti Yesus nyawisaken manahipun para sakabat supados tansah siap lan sedya nalika Putraning manungsa rawuh. Ing ngriku, Gusti Yesus paring sumerep bilih wonten titi wanci rawuhipun Putraning Manungsa dipun wiwiti sarana tandha-tandha alam: srengenge dados petheng, rembulan boten sumunar malih, lintang-lintang sami dawah ing bumi. Putraning Manungsa badhe rawuh saking langit, kanthi ngasta panguwasa lan kamulyan ageng. Kapan punika? Boten wonten ingkang pirsa kejawi Gusti Allah ingkang Maha kuwaos. Senajan mekaten, Gusti Yesus ngengetaken supados para sakabat sami waspada dan jumaga.
Kados lare alit yuswa 5 taun ing inggil ingkang tansah kemutan lan atur pitakenan bab kawontenan bapakipun ingkang boten wangsul-wangsul. Mekaten ugi kangge kita, kadang wonten manah kita wonten pitakenan,”Kapan dinten rawuhipun Gusti Yesus punika, ngantos wekdal semanten dereng rawuh-rawuh?” Sejatinipun Gusti Yesus sampun rawuh ing satengahing gesang kita ingkang celak kaliyan Panjenenganipun. Gusti Yesus tansah nganthi lan nunggil dhateng kita. Pramila mangga kita sami nyelak lan setya dhateng Gusti. Ingkang kita tindakaken sapunika anggenipun ngrantos dinten rawuhipun Gusti Yesus inggih tansah waspada lan jumaga. (AR).
“Rawuhipun Gusti Yesus punika boten kanyana-nyana, mangga sami jumaga”