Tiyang Pracaya VS Tiyang Duraka Renungan Harian 11 November 2019

11 November 2019

Waosan : Ayub 20 : 1 – 11  |  Pamuji  : KPJ. 209
Nats:
“… manawa gambirane wong duraka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?” (Ay. 5)

Punapa bentenipun emas ingkang asli kaliyan emas ingkang imitasi? Emas asli tamtu reginipun langkung awis tinimbang imitasi. Emas asli boten badhe pudar werninipun senadyan kegores punapa kenging toya. Emas imitasi ketingalipun sami kados emas asli nanging boten awet, werninipun gampang ireng bilih kegores lan kenging toya. Kados dene emas, tiyang gesang punika kualitasipun benten-benten. Wonten tiyang rajin ning ugi wonten tiyang males. Wonten tiyang pracaya ning ugi wonten tiyang duraka. Menapa ingkang bentenaken? Boten sanes tumindak gesangipun. Ingkang setunggal nglampahi gesang kanthi sae lan maedahi, ingkang sanesipun nglampahi gesang kanthi sembrono lan sak pikajengipun piyambak.

Zofar salah setunggaling kanca rencangipun Ayub paring gegambaran dateng Ayub bab kawontenaning  tiyang duraka. Kasebataken tiyang duraka punika nampi kagambira nanging boten awet, ngraosaken kasenengan nanging namung sekedhap. Tiyang duraka punika tinemu asring ngunggul-unggulake kaluhuranipun piyambak, nanging sedaya punika bakal sirna. Tegesipun kawontenan tiyang duraka punika boten langgeng. Punapa ingkang dipun aturaken Zofar punika dipun tujuaken dateng Ayub. Ing pemanggihipun Zofar, Ayub nampi sakit lan nandang kasangsaran karana sampun tumindak duraka dateng Gusti. Sejatosipun Ayub nampi sesakit lan nandang kasangsaran sanes karana tumindak duraka nanging karana dipun uji Gusti ing bab kasetyanipun.

Kados Ayub ingkang nandang kasangsaran, gesangipun para tiyang pitados saged ugi sami kaliyan Ayub. Malah kadang wonten ingkang mungel, “kula sampun setya dateng Gusti, tansah ngabekti lan dedonga dateng Gusti nanging kenging punapa gesang kula taksih rekaos?” Saking ngriki kita saged sinau saking Ayub, tetep dedonga, tetep pracaya lan tetep setya dateng Gusti Allah. Kita kedahipun mekaten, nderek Gusti ing sedaya kahanan punapa kemawon, bingah lan sisah tetep pitados lan setya dateng Gusti. Tiyang pracaya benten kaliyan tiyang duraka. Karibetan lan kasisahan ing donya namung sementara, pungkasanipun Gusti Yesus badhe paring kamulyan lan kabingahan ingkang langgeng. Ingkang perlu kita estoaken ing wekdal punika tiyang pracaya tansah nggadah iman lan pangajeng-ajeng ingkang dados kakiyataning gesang sadinten-dinten. Mangga tansah pracaya sampun ngantos duraka! (AR).

 “Pangandelmu kang mitulungi kowe”  (Markus 5:34)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak