Waosan: Jabur 47 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 1
Nats: “He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka, padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!” (Ayat 2)
Pemanggih ingkang benten anggenipun maos Kitab Suci saged ndadosaken benten anggenipun nindakaken dhawuhipun Gusti. Kadosdene bangsa Israel ingkang dumugi wekdal sapunika taksih gegeran awit rebutan tanah prajanjian ingkang dipun panggeni bangsa Palestina. Bangsa Israel nggadahi pamanggih bilih tanah punika tanah ingkang dipun paringaken Gusti kangge bangsa Israel sak tedhak turunipun. Pramila ngantos samangke tanah punika taksih dipun rebut kanthi maneka cara. Perang lan tumindak kekerasan dipun lajengaken, kathah tiyang ingkang mboten salah dados korban, kathah lare-lare alit ingkang kecalan brayatipun, lan kathah tiyang nandhang sangsara awit perang ingkang mboten nembahi pungkasanipun.
Waosan ing dinten punika arupi pepujenipun Juru Masmur anggenipun ngraosaken bilih Gusti Allah sampun nelukaken para bangsa dhateng Israel, sarta sampun milihaken tanah pusaka kangge Israel (Ay. 4-5). Bab punika ingkang dipun ugemi bangsa Israel dados dhasar anggenipun nindhakaken perang, awit njagi tanah pusakanipun bakal binerkahan dening Gusti Allah. Ananging nalika kita lajengaken waosan Jabur punika, cetha bilih ing pungkasanipun Juru Masmur ngakeni bilih Gusti Allah punika dados Ratu tumrap sedaya bangsa (Ay. 9). Punika negesaken bilih mboten namung bangsa Israel kemawon ingkang nampi berkah saking Gusti Allah, ananging sedaya bangsa. Gusti Allah remen bilih sedaya bangsa punika gesang kanthi rukun sarta mujudaken tentrem rahayu. Pramila ing pungkasan pamujinipun Juru Masmur negesaken bilih namung Gusti Allah kemawon ingkang kedhah kaluhuraken dening para bangsa (Ay. 10).
Saking Juru Masmur punika kita saged mirsani bilih sejatosipun Gusti Allah punika jumeneng Ratu tumrap sedaya bangsa. Kita pitados bilih Gusti Allah ingkang jumeneng Ratu punika remen bilih salebeting gesang kita punika tuwuh karukunan sarta tentrem rahayu. Pramila, sumangga kita minangka umat-Ipun Gusti tansah ngupados karukunan, kaadilan, lan katentreman salebeting laku gesang kita sadinten-dinten. Awit punika ingkang ndadosaken kita tansah ngluhuraken Gusti Allah ing gesang kita sami. Amin. [RES].
“Mujudake katentreman iku tandha kita ngluhurake Gusti Allah.”