Waosan : Lukas 12 : 29 – 32 | Pamuji : KPJ 416
Nats : “Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabeh iku mau bakal diwuwuhake marang kowe.” [ayat 31]
Hoegeng Iman Santoso kepala pulisi kaping gangsang Indonesia, kapundhut dening Gusti nalika tahun 2004, nanging tiyang-tiyang enget kados pundi pribadinipun. Kacariyos, pengusaha sepedha montor Lambretta nate maringi kalih sepedha montor dhateng griyanipun Hoegeng. Kaleresan putri lan putranipun, Reni lan Aditya, kepingin sanget nggadhahi sepedha montor punika lan mejeng kados nem-neman sanesipun, nanging bapakipun – sanadyan sampun kepala pulisi – boten saged mundhutaken awit reginipun awis. Nalika Pak Hoegeng kondur, piyambakipun mundhut pirsa dhateng ajudanipun montor punika saking pundi. Sang ajudan paring wangsulan bilih Lambretta mbikak agen ing Indonesia lan sedaya pejabat kaparingan kalih. Hoegeng lajeng ngendika, “Telpon agen Lambretta, yen isih buka, balekke. Aku ra butuh montor kuwi.” Putri lan putrinapun kuciwa nalika semanten. Nembe nalika putra lan putrinipun sampun sami diwasa, kekalihipun saged mangertos bilih bapakipun paling anti suap.
Hoegeng dados gambaran kados pundi tiyang ingkang boten namung remen nampi berkah, nanging langkung rumiyin ngupados marginipun Kang Paring Berkah. Hoegeng piyambak nate ngendika dhateng putranipun nalika kang putra nyuwun pirsa, “Asmanipun bapak punika kan tigang ukara, nanging menawi tandha tangan kok namung ngagem Hoegeng kemawon?” Sang Bapak mangsuli, “Jeneng Iman Santoso nembe pantes tak anggo, yen nganthi mati imanku tetep santosa.”
Cariyos Pak Hoegeng kala wau ngengetaken kita, berkah ingkang kita tampi punika estu kita gayuh kanthi lumampah ing marginipun Gusti punapa boten? Bilih boten, punapa kita estu wantun ngendikan, “Boten usah! Sanes berkah punika ingkang kula padosi?” Utawi kita nampi kemawon sanadyan boten miturut kaliyan karsanipun Gusti? Menawi kita raosaken, pangandikanipun Gusti ngengetaken dhumateng kita, “Sampun ngantos awit nggayuh berkahipun Gusti, kita lajeng supe dhumateng Gusti, ingkang paring berkah.” Dhumateng sinten kemawon ingkang purun ngupados marginipun Gusti, tamtu Gusti boten badhe nilar lan boten badhe supe maringi berkah. Boten usah kuwatos. [gid]
“Sampun ngantos namung remen berkahipun, nanging mangga ugi remen ngupadi margining Kang Paring Berkah”