Dosa Pancaran Air Hidup 11 Maret 2025

11 March 2025

Waosan: 2 Petrus 2 : 4 – 21  |  Pamuji: KPJ. 45
Nats: “… dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa, …” (Ayat 9)

Punapa panjenengan nate ngetang sepinten berkatipun Gusti Allah, wiwit saking lair dumugi sapunika? Sejatinipun, berkatipun Gusti Allah punika berkah ingkang tanpa winates. Pitakenan selajengipun, punapa panjenengan nate ngetang sepinten dosa-dosa panjenengan, wiwit saking lair dumugi sapunika? Kinten-kinten dosa punapa kemawon ingkang sampun katindakaken? Dosa punika dadosaken kita tebih saking Gusti. Kita mboten saged malih ngraosaken ayem tentrem ing manah sarta sih rahmatipun Gusti awit dosa punika.

Ing 2 Petrus 2:4-10, Rasul Petrus paring pepenget bab bebayanipun dosa. Rasul Petrus ngginakaken conto sejarahipun bangsa Israel, kados ta tiyang-tiyang ing jamanipun Nuh, lan kutha Sodom lan Gomora. Conto punika kagem nedahaken akibat saking dosa. Pepenget punika ngengetaken kita bilih gesang ing kasucian lan nindakaken piwucalipun Gusti Yesus punika prekawis ingkang wigati. Selajengipun ing ayat 12-19, Rasul Petrus ngengetaken babagan guru-guru palsu lan njelasaken bilih tiyang-tiyang punika kados “kewan-kewan buas ingkang mboten ngertos isin” lan kados “mendhung ingkang tanpa banyu,” ingkang mboten paring kabecikan nanging namung ilusi.

Ing mangsa pra paskah punika, kita dipun ajak kangge ngetingalaken gesang setya tuhu dhumateng Gusti Yesus. Sampun ngantos kita kesandhung ing kalepatan lan tebih kaliyan karsanipun Gusti Allah. Wekdal punika, wekdal kangge kita ngresiki dhiri kita saking sakatahing dosa lan kalepatan kita. Paskah mboten namung babagan ngraosaken kawilujengan saking Sang Kristus kemawon, ananging ugi babagan mbangun gesang miturut karsanipun Gusti. Mangga kita gesang ing kebenaran, nebihi tumindak dosa, sarta setya nuladha Sang Kristus. Awit saking sikep ingkang mekaten, kita badhe nampi berkat kawilujengan saking Gusti Yesus. Minangka cawisan kita nyambeti dinten Paskah, sumangga kita gatosaken piwulang saking Rasul Petrus punika, taksih wonten kesempatan kangge kita kangge mratobat lan nindakaken gesang ingkang bener. Mangga kita ngenggalaken komitmen kita dhumateng Sang Kristus, kita sedya mbangun turut Sang Kristus. Amin. [Man Yu].

“I’m so far away from You”
— A7X in the song entitled ‘So Far Away’ –

Renungan Harian

Renungan Harian Anak