Aja Dumeh Pancaran Air Hidup 11 Maret 2022

11 March 2022

Waosan: Purwaning Dumadi 14: 17 24 ǀ Pamuji: KPJ. 346a: 1, 2,3
Nats:
“… supados panjenengan dalem sampun ngantos ngandika: Kang nyugihake Abram rak aku” (Ayat 23c)

Aja dumeh tegesipun aja sok utawi mentang-mentang. Terjemahan bebasipun: aja seneng pamer lan nggunakake apa kang diduweni kanggo nekan, ngremehake, nyepelekake, utawa ngina sakpepadha. Conto: aja dumeh sugih, aja dumeh kuwasa, lsp. Miturut kapitadosan Jawi, sedaya gadhahanipun manungsa punika namung titipanipun Gusti Allah. Pramila sedaya kalawau asipat fana, saged risak, ical, lan mboten langgeng. Miturut adat Jawi, sikap sok punika tercela lan menyakiti manahipun sesami.

Sang Prabu Melkisedhek punika satunggiling tiyang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti Allah. Arti nami Melkisedhek inggih punika ‘ratuning kaadilan’, lan raja Salem tegesipun ‘ratuning tentrem-rahayu’. Sang Prabu Melkisedhek punika ‘imame Kang Mahaluhur’ (Ibr. 7:1-2). Sang Prabu Melkisedhek ngakeni bilih Gusti Allah punika ingkang nitahaken langit kaliyan bumi. Sang Prabu Melkisedhek kawentar minangka ratu ingkang dipun urmati ing wilayahipun. Kanthi tulus Abram ngakeni bilih Sang Prabu Melkisedhek pantes nampi kaurmatan. Ing Ibrani 7:3 kaserat: … panjenengane kadadekake padha karo Putrane Gusti Allah…”, punika satunggaling piwulang bilih punapa ingkang dipun tindakaken dening Sang Prabu Melkisedhek wonten sesambetan rapet, malah memper kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken lan dipun wucalaken dening Gusti Yesus Kristus. Sang Prabu Melkisedhek minangka ‘pra-inkarnasi/ penjelmaan’ Sang Kristus, ing wujud badan wadhag temporer (sementara).

Senadyan Abram piyambak nulak mendhet asil ngrampas saking Raja ing Sodom kanthi alesan ingkang penting, inggih punika Abram mboten kepengin Raja ing Sodom ingkang mboten pitados dhumateng Gusti Allah ngucap: Kang nyugihake Abram rak aku (ayat 23c). Kosok wangsulipun, Abram kepengin Raja ing Sodom ngucap: Gusti Allah kang nyugihake Abram. Sikap Abram punika maringi piwulang bilih Gusti Allah punika ingkang dados etuking karaharjaning gesang.

Renungan dinten punika gandheng kaliyan ‘Pra Paskah tahun 2022, kanthi tema: Bertirakat sebagai Jalan Memperbarui Panggilan dan Iman’. Mangga kita mangun sikap andhap-asor ingkang saged dados tetalesing pacawisan, anggen kita sami mahargya Riyadin Paskah, minangka titah enggal para pendherekipun Gusti Yesus Kristus. Amin. [Esha].

Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya, sukarena, lan tansah waspada.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak