Waosan : Purwaning Dumadi 9 : 8 – 17 | Pamuji : KPJ. 71
Nats: ”Yaiki pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sarupane makhluk kang ana ing bumi.” (Ay. 17 )
Nalika jamanipun Nuh, alam donya ngalami banjir ageng ingkang gegirisi, ngantos nglelepaken bumi dangunipun satus seket dinten. Kathah korbanipun, mboten namung manungsa, nanging ugi lingkungan alam lan sato kewan dados korban. Sanadyan sawernining makhluk gesang katumpes, Gusti Allah taksih marengaken Nuh sabrayatipun lan sawerining sato kewan sajodho-sajodho wilujeng. Anggenipun Gusti Allah numpes makhluk gesang, mboten katumpes sadaya, Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah tumrap titahipun. Kenging punapa Gusti Allah ngantos numpes titahipun? Karana, Gusti Allah saweg keduwung, kuciwa nalika pirsa titahipun kathah nindakaken kadurakan, langkung-langkung ing sak obah mosiking batosipun tumindak dosa. Pramila Gusti Allah paring musibah banjir ageng, ingkang tujuanipun numpes kadurakan.
Gusti Allah nyisaaken sawetawis sato kewan lan makhluk gesang sanesipun, kalebet brayatipun Nuh saperlu ngawontenaken titah enggal, ingkang tuwuh saking titahipun ingkang setya tuhu dhumateng Allah. Kanthi nyisaaken sawetawis sato-kewan lan makhluk gesang sanesipun mratandani bilih Gusti Allah nglestantunaken lan ngrimati titahipun. Gusti Allah paring prasetyan bilih mboten badhe numpes titahipun malih. Salajengipun para titahipun gadhahi tanggel jawab ngrimati lan nglestantunaken titahipun Gusti.
Minggu punika kita lumebet minggu Pra-Paskah, ing pundi umatipun Gusti, pasamuwan kaajak ngraos-ngraosaken katresnanipun Gusti, ingkang sampun kita tampeni. Punapa kita sampun saestu setya tuhu ngebekti dhumateng Gusti Allah? Punapa kita sampun nindakaken tanggel jawab kita dhumateng Gusti? Punapa ing gesang kita tansah saos sokur? Waosan kita dinten punika nyariosaken prasetyanipun Allah, bilih mboten badhe numpes malih makhluk gesang ing donya ngriki, nanging ngrimati para titahipun, punika tandha bilih Allah nresnani panjenengan lan sedaya makhluk gesang. Bilih Gusti Allah kebak katresnan lan ngrimati kita, mangga kita minangka titahipun tansah ngabekti kanthi setya dhumateng Gusti. Kita tansah ngupaya kabecikan lan kasaenan salebeting gesang kita, awit punika ingkang nuwuhaken berkahipun Gusti Allah dhateng kita. Amin. (YK)
Awit dene Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap asor bakal dimahkothani kalawan karahayon. (Mazmur 149:4)