Waosan: Mateus 16 : 13 – 20 | Pamuji: KPJ. 338
Nats: “Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging Rama-Ku kang ana ing swarga.” (Ayat 17)
Nalika prau ing seganten ngadepi prahara ageng, para nelayan ngandelaken jangkar supados praunipun tetep jejeg lan mboten kabekta arus. Tanpa jangkar, prau punika badhe kabekta ombak lan saged risak. Mekaten ugi tumrap gesang kita manungsa, nalika krisis gesang dumugi, iman dados jangkar ingkang njagi kita tetep jejeg lan mboten gampil goyah anggenipun ngadepi maneka warni prahara gesang.
Wonten ing waosan kita dinten punika, Mateus 16:13–20, Gusti Yesus atur pitakenan ingkang wigati dhateng para sakabatipun bab sinten ta Putraning Manungsa punika. “Kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?” Wangsulanipun para sakabat, “Wonten ingkang cariyos nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani nabi Elia, wonten malih ingkang mastani nabi Yeremia.” Lajeng Gusti Yesus ngandika malih, “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?” Ing ngriki Simon Petrus mangsuli, “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” Kathah tiyang mangertos Gusti Yesus saking cariyos utawi pamanggihipun tiyang kathah, nanging Rasul Petrus kanthi iman ngakeni Panjenenganipun minangka Mesias, Putraning Allah ingkang gesang. Saking ngriki kita mangertos iman sejati asalipun mboten saking kawruhipun manungsa, nanging saking Gusti Allah Sang Rama piyambak.
Ing satengahing krisis gesang ingkang kita adepi, kita dipun ajak langkung pasrah lan ngandelaken Gusti Allah. Iman ingkang mandeng Gusti Yesus Kristus dados pondhasi ingkang kukuh lan mboten goyah. Gusti Yesus ngendika srana watu karang iman punika, pasamuwan badhe dipun degaken lan kakiyataning pati mboten saged ngawonaken. Krisis gesang pancen mboten saged dipun cegah, nanging iman kita kedah kiyat. Gusti Yesus Kristus punika ingkang dados dhasaring gesang kita. Namung srana iman pitados lan ngandelaken kakiyatan saking Gusti, kita mboten badhe goyah sanadyan ngadepi maneka warni gocangan lan pacobaning gesang. Sumangga kita tansah ngakeni kanthi iman, “Gusti Yesus punika Mesias, Putraning Allah ingkang gesang.” Amin. [AB].
“Mbangun gesang ndherek Gusti Yesus”