Waosan: Wahyu 20 : 7 – 15 | Pamuji: KPJ. 408
Nats: “Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.” (Ayat 15)
Wonten gesang padintenan, asring kita nemahi tiyang ingkang remen ngadili sedherekipun. Tiyang ingkang remen nyalah-nyalahaken tiyang sanes ingkang benten pamanggih kaliyan piyambakipun. Mbok bilih kita ugi asring kagoda anggen kita mirsani tiyang sanes ngagem ukuran lan pamanggih kita piyambak, lajeng kita nyebat tiyang sanes punika jahat, sesat, gemblung, lsp. Tamtunipun sifat ingkang makaten punika mboten sae kangge gesang sesarengan ing masyarakat, nanging taksih kathah tiyang ingkang nglampahi tumindhak sarta pikiran ingkang ngasoraken tiyang sanes. Awit punika kadosipun dados kebiasaan-kebiasaan ingkang sampun limrah ing salebeting gesang. Sejatosipun ngadili tiyang ingkang benten kaliyan pamanggih kita punika tumindhak ingkang mboten leres.
Wonten ing kitab Wahyu punika, kita dipun engetaken kados pundi sedaya lelampahaning gesang para manungsa ing wekdal pungkasan. Kasebataken bilih sedaya tumindaking manungsa wonten gesangipun punika sampun kaserat wonten ing kitab kauripan. Kitab punika ingkang dados kuwaosipun Gusti anggenipun ngadili sedaya tiyang ing salumahing bumi punika. Sinten ingkang naminipun kaserat wonten ing kitab kauripan, tamtu badhe nampi gesang langgeng. Nanging ingkang naminipun mboten kaserat badhe nampi paukuman. Satunggal prekawis ingkang prelu kita ugemi inggih punika babagan sinten ingkang kuwaos ngadili sarta nyerat lampah gesanging manungsa ing kitab kauripan punika, mboten sanes namung Gusti Allah piyambak.
Gusti Allah kuwaos ngadili tiyang ingkang leres utawi lepat. Kita minangka manungsa sejatosipun mboten gadhah kuwaos paring label dhateng tiyang sanes bener utawi salah. Pramila kita pasrahaken sedaya tumindak tiyang sanes sarta gesang kita namung wonten ing kuwaosipun Gusti. Mekaten ugi bilih kita samangke kita ngraosaken tumindak ingkang mboten adil wonten ing salebeting gesang kita, sedaya punika sampun ngantos dadosaken gesang kita mandheg anggenipun nindhakaken kasaenan. Sumangga kita pitados bilih Gusti Allah ingkang badhe ngadili ing pungkasaning jaman. Kita tansah ngupadi punapa ingkang leres sarta ingkang dados karsanipun Gusti Allah. Sedaya prekawis ingkang dadosaken kita rumaos mboten adil, sengit dhateng tiyang sanes, mangga kita pasrahaken dhumateng Gusti ingkang Maha Adil, satemah kita saged nglajengaken gesang kanthi nindhakaken karsanipun Gusti. Amin. [RES].
“Pasrah sumarah dhateng Gusti Sang Maha Adil.”