Pangandel Pancaran Air Hidup 11 Juni 2023

Waosan: Mateus 9 : 9 – 13, 18 – 26 | Pamuji: KPJ. 209
Nats:Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” (Ayat 22)

Anggen kita sami nglampahi pigesangan, tamtu kathah sanget prekawis ingkang kita alami, sae punika prekawis ingkang bingah ugi prekawis ingkang sisah. Sadaya tiyang ing salumahing bumi punika sami ngraosaken bab punika, mboten wonten tiyang ingkang namung ngraosaken prekawis ingkang mbingahaken kemawon, nanging tamtu ugi ngraosaken ingkang sisah. Kosok wangsulipun, mboten wonten tiyang ingkang namung ngraosaken prekawis ingkang sisah kemawon, nanging ugi tamtu ngraosaken prekawis ingkang bingah. Kados pundi kaliyan panjenengan? Bingah lan sisah, punika kalih prekawis ingkang dados raosing manah kita. Menawi tiyang saweg nandang gerah, punapa ingkang dipun raosaken? Umumipun, tiyang ngraosaken sisah lan mboten sekeca, awit momotan ingkang awrat. Nanging menawi tiyang ingkang sakit lajeng saged saras lan dipun pulihaken malih, tamtu ingkang dipun raosaken nggih kabingahan.

Raos sisah lan mboten sekeca ing badan punika ugi dipun raosaken dening tiyang estri ingkang saweg gerah grajag getih ingkang laminipun kalih welas taun. Mila saking punika Gusti Yesus dhawuh dhateng tiyang estri wau: “Dienak atiimu, ngger….”. Dhawuh punika minangka wujuding semangat ingkang dipun paringaken Gusti Yesus dhateng tiyang estri wau, supados manahipun enggal luwar saking kasisahanipun. Semangat punika dipun paringken awit tiyang estri wau kagungan iman kapitadosan. Kados dhawuh-Ipun: “…. pangandelmu kang marasake kowe.” Awit kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus, tiyang estri kalawau saras.

Punapa panjenengan nggadhah pangajeng-ajeng pikantuk kabingahan lan enggal luwar saking kasisahan awit momotaning gesang ingkang awrat? Tamtunipun punika dados pangajeng-ajeng kita sadaya. Nanging kita ugi kedah mangertos ing sadaya kahanan gesang ingkang kita raosaken, Gusti Allah setya nunggil kita. Sanadyan gesang kita kebak ing momotan lan ngraosaken kewetan sampun ngantos kita semplah dan sumelang. Mangga kita langkung nyelak dhumateng Gusti, kita sami mujudaken kapitadosan ingkang saestu, sampun ngantos mangu-mangu. Gusti Yesus punika sumbering kawilujengan gesang kita. Amin. [SWT].

“Tiyang kang pracaya mring Gusti tan was sumelang ing ati”

 

Bagikan Entri Ini: