Waosan: 1 Para Raja 10 : 26 – 11 : 8 | Pamuji: KPJ. 120
Nats: “Sira aja padha srawungan kalawan bangsa-bangsa iku, lan bangsa-bangsa iku aja nganti srawungan kalawan sira kabeh, amarga wong-wong iku mesthi bakal nggendeng atinira marang allah-allahe.” (11:2)
Wonten tetembungan ingkang uninipun mekaten: “Dadia wong kaya banyu, didekek botol ya kaya botol, didekek gelas ya kaya gelas. Nanging sejatine ya tetep banyu!” Saking tetembungan menika kita saged sinau bilih ing sadengah jaman kang sarwa maju lan cepet menika, manungsa kedah saged adaptasi supados boten ketinggalan jaman. Mekaten ugi manungsa kedah srawung kaliyan sedaya golongan supados nambah wawasan lan saged makarya sesarengan. Ananging ing sadengah adaptasi lan sesrawungan sampun ngantos kita nilar jati diri lan iman kita. Awit menawi kita nilar jati diri kita tamtu gesang kita badhe risak.
Kadosdene ing waosan kita, Prabu Soleman ingkang kagungan bandha lan panguwaos nglangkungi sedaya bangsa sanes, kagungan garwa lan selir ingkang cacahipun sewu saking bangsa manca, perkawis menika boten dadosaken bangsa sanes saged pitados lan wanuh dhumateng Pangeran Yehuwah. Prabu Soleman malahan nderek nyembah illah sanesipun. Mangka Gusti Allah sejatosipun sampun ngemutaken Bangsa Israel, mliginipun Prabu Soleman supados boten srawungan kaliyan bangsa sanes (ay. 2). Gusti Allah ngersakaken supados Bangsa Israel supados tansah setya ing kapitadosanipun dhumateng Gusti Allah. Awit bangsa menika, bangsa ingkang dipuntresnani dening Gusti.
Pramila, sumangga kita mbikak wawasan kita kanthi sesrawungan kaliyan sadaya golongan lan agami supados kita saged gesang kanthi sae lan saged sesarengan mbangun bangsa Indonesia kanthi dasar “persatuan”. Sanajan mekaten sampun ngantos kita kesupen dhumateng Gusti Allah. Pasrawungan kita sampun ngantos ndadosaken kita nilar Gusti Allah, menapa malih, menawi kita kagungan bandha, drajat lan pangkat, sumangga kita ginakaken kangge babaraken kawilujenganipun Gusti Yesus, sampun ngantos dadosaken kita mblasar. Sugeng sesrawungan lan dados paseksinipun Gusti. Amin. (py)
“Pasrawungan kang sae, inggih menika pasrawungan kang sami ngiyataken”