Waosan : Purwaning Dumadi 21 : 1 – 7 | Pamuji : KPJ. 421 : 1 – 3
Nats: “Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku” (Ay. 6)
Kadospundi raosipun rikala kita dipunremehaken tiyang sanes? Tamtu manah kita sakit lan kita ugi pingin saged paring bukti, menawi kita boten kados ingkang diwastani tiyang wau. Ngupadi paring bukti punika asring boten gampang, punapa malih kados-kadosa bab punika kalebet bab ingkang boten mungkin alias mustahil. Tiyang ingkang ngremehaken wau tamtu mindhak seru gumujengipun menawi sumerep paseksi kita dasaripun bab ingkang mustahil. Kasunyatanipun bab ingkang mustahil kangge manungsa, dados boten wonten ingkang mustahil kagem Gusti Allah.
Ibu Sara, garwanipun Rama Abraham nate ngraosaken manah sisah amargi dereng pinaringan putra saking Gusti Allah. Wonten ing pemanggihipun tiyang kala samanten, tiyang estri ingkang boten pinaringan putra utawi namung gadhah yoga estri, taksih asring dipun wastani gabluk, garwa estri ingkang boten wonten ginanipun. Adat patriakhal ingkang kiat, dadosaken Ibu Sara karamehaken tiyang kathah amargi ngantos sepuh dereng pinaringan putra. Ibu Sara ngantos ngurbanaken diri, ngikhlasaken Rama Abraham semah malih kaliyan baturipun Ibu Sara ingkang naminipun Hagar, ngantos pinaringan putra ingkang naminipun Ismael. Sansaya nelangsa manahipun Ibu Sara, amargi Hagar ugi ngremehaken piyambakipun. Awit saking pakaryanipun Gusti Allah, ngantos Rama Abraham yuswa setunggal atus taun lan Ibu Sara ingkang ugi sampun sepuh, pinaringan putra saking Gusti Allah. Bab ingkang mustahil kangge manungsa, boten mustahil kagem Allah. Punika ugi damel paseksi, senadayan paseksi kang damel gumuyu, awit sampun sepuh koq tembe kagungan putra.
Manah ingkang bingah punika minangka obat kang mujarab. Bilih kita tatag lan tanggon ngadepi sedaya tiyang ingkang ngremehaken kita, awit saking pangandel kita dumateng panguwaosipun Allah, punika dados paseksi ingkang binerkahan kangge sinten kemawon. (tes)
“Uripku pindha pangidung, sumaos mring Pangeran”