Sound Horeg Pancaran Air Hidup 11 Januari 2025

11 January 2025

Waosan: Jabur 29 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 3
Nats: “He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah, ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan! Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane, padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen!” (Ayat 1-2)

“Sound horeg” punika sebatan kangge piranti suwanten ingkang ageng sanget lan asring ngrisak kaca griya. Sound horeg punika biasanipun dipun arak keliling ngangge truck. Swanten saking sound horeg punika saged damel kuping kita budeg lan dada kita kedher. Sound Horeg punika asring dipun tampilaken wonten ing acara-acara ageng kados karnaval Agustusan, konser, lsp. Kadosipun kawontenanipun sound horeg punika sampun dados budaya ing satengah-tengahing gesang kita. Malah sakpunika asring dipun wontenaken tetandhingan swanten ingkang paling banter saking sound horeg punika.

Jabur 29 punika nyerat bilih Gusti Allah punika Gusti ingkang kagungan kamulyan lan kakiyatan. Ayat 3-9 nggambaraken kados pundi swantenipun Gusti Allah ingkang kebak kamulyan lan kakiyatan punika. Swantenipun Gusti Allah punika kagambaraken ageng lan dahsyat. Ing ayat 11 kasebataken, “Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.” Punika nggambaraken bilih ing kamulyan lan kakiyatan-Ipun Gusti, kita ngraosaken tentrem rahayu. Gusti Allah mboten namung nedahaken swanten ing kamulyan lan kakiyatan-Ipun kemawon nanging ugi paring sih katresnan lan berkah dhateng kita.

Ing gesang kita sadinten-dinten asring kita punika kajebak wonten ing ‘rutinitas’, temahan kita mboten saged mirengaken swantenipun Gusti Allah ingkang agung. Swantenipun Gusti Allah punika wonten ing satengah-tengahing gesang kita. Panjenenganipun kersa nimbali saha paring berkah dhateng kita. Karana punika, salebeting gesang kita padintenan, mangga kita tansah mirengaken swantenipun Gusti Allah ingkang nimbali kita. Srana punika kita saged ngraosaken kamulyan lan kakiyatan saking Gusti Allah ingkang nganthi lampah gesang kita wonten donya punika. Mangga kita tansah saos sokur dhumateng Gusti awit sih rahmat lan berkahipun kangge kita. Kita purun mirengaken swantenipun Gusti Allah lan ngraosaken pakaryan-Ipun, satemah kita saged nglampahi gesang kita kanthi pangrimatan lan panuntun saking Gusti. Amin. [Man Yu].

“Sampun ngantos kita nilaraken Gusti ingkang maha mulya lan kwasa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak