Mbangun Lingkungan Kang Lestari Pancaran Air Hidup 11 Januari 2024

11 January 2024

Waosan: 2 Korintus 10 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 79
Nats: “Malah yen aku rada keladuk anggonku ngegungake wewenang kang diparingake dening Gusti marang aku kabeh kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak kowe, aku ora bakal wirang.” (Ayat 8)

Kita tamtu mboten asing kaliyan bebasan: “Gajah diblangkoni, isa khotbah ora isa nglakoni.” Bebasan punika dipun tujokaken kangge para palados pangabekti, mboten namung pandhita lan majelising pasamuwan kemawon, nanging ugi para warga pasamuwan ingkang kaparingan tugas ngladosi pangabekti brayat. Asring sanget bebasan punika dados momok ingkang ndadosaken para majelis lan warga pasamuwan sami ajrih  nalika tugas ngladosi pangabekti ing greja utawi patuwen brayat. Nanging kita pitados bilih ingkang kita tindakaken leres lan mbangun turut timbalanipun Gusti, kita mboten badhe ajrih malih nindakaken paladosan utawi paseksi kita dhateng warga pasamuwan.

Rasul Paulus wonten ing waosan wekdal punika carios bilih piyambakipun nampi wewada saking pasamuwan Korinta, “Wanine mung liwat surat, ora wani ngadhepi langsung”, nalika piyambakipun paring pepenget lumantar serat-seratipun. Wewada punika sejatosipun memper kaliyan tembung, “isane mung ngomong thok wae, nyatane endi?” ingkang katujokaken dhateng rasul Paulus. Karana punika, rasul Paulus paring wangsulan lan jaminan bilih sikepipun punika tetep sami karana sedayanipun dipun tindakaken adhedhasar kuwaosipun Gusti Allah. Rasul Paulus mboten ajrih ngadhepi pasamuwan Korinta. Menawi kaparingan wekdal, piyambakipun kepengin pinanggih kaliyan warga pasamuwan Korinta, awit sarana serat-seratipun punika, Rasul Paulus nggadhahi tujuan ingkang sae kangge mbangun pasamuwan Korinta supados tansaya ngrembaka, bakuh, lan endah.

Sejatosipun, kita warga pasamuwan ugi nampi timbalan ndherek mbangun patunggilan mujudaken pasamuwanipun Gusti ingkang sansaya sae. Kanthi tujuan ingkang leres, kita sinarengan ngupaya gesanging pasamuwan tuwuh lan ngrembaka. Sedaya punika saged kalampahan bilih gesangipun pasamuwan punika sami tunggil manah lan tunggil tujuan. Ing wulan tumitahing jagad punika, kita dipun timbali kangge mbangun lestarining lingkungan kita. Prayogi kita sangkul sinangkul makarya mbangun lingkungan kita dados lingkungan ingkang asri lan lestari. Kita ugi wantun ngengetaken para sedherek kita ingkang lepat, bilih piyambakipun mboten peduli kaliyan lingkunganipun. Sarana punika kasaeaning gesang lan alam lingkungan ing sakiwa tengen kita saged kawujud. Amin. [NSW].

“Becik ketitik, ala ketara. Luwih becik isin, timbang gawe ala.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak