Waosan : Purwaning Dumadi 17 : 1 – 14 | Pujian : KPJ. 421 : 1, 3
Nats: “Jenengira sabanjure aja Abram, nanging Abraham, marga sira iku wus Sun tamtokake dadi leluhure golonganing bangsa.” (Ay. 5)
Bab gantos nami, wonten ing tradisi jawi punika bab ingkang limrah, biasanipun punika kelampahan nalika putra taksih alit. Kenging punapa nami putra punika dipun gantos? Biasanipun nami ingkang sampun dipun paringaken dipun anggep mbeta sial, ndugiaken mala, umpaminipun sakit-sakiten, tiyang sepuhipun asring nampi pepalang, rejeki seret, lsp. Kahanan ingkang mekaten dadosaken tiyang sepuhipun lajeng nyuwun pirsa dhateng tiyang ingkang dipun anggep “sepuh” ing lingkunganipun. Lajeng tiyang “sepuh” punika maringi wejangan supados nami putranipun dipun gantos. Umpaminipun ingkang asring nemahi sakit, dipun gantos kanthi nami Tegar, Kuat, Basuki, Wilujeng, Waluya, utawi sanesipun. Tujuanipun supados putra punika kalis saking sakit penyakit lan memala. Anggenipun nggantos nami putra, dipun kantheni kanthi wilujengan, utawi kendurenan mawi jenang abang lan jenang sengkala.
Perkawis punika ugi kelampahan tumrap rama Abram, ingkang asmanipun dipun gantos dados Abraham. Anggenipun gantos asma punika angsal pinangkanipun saking Gusti Allah lan dipun kantheni klayan tandha tetak (sunat). Tetak punika minangka tandha bilih Gusti Allah damel prasetyan kaliyan Abram, bilih Gusti Allah badhe ndadosaken tedhak turunipun Abram dados kathah, dados leluhuripun para bangsa. Turunanipun dados para raja lan dados berkah tumrap para bangsa. Anggenipun nampeni prasetyan punika asma Abram dipun gantos Abraham. Rama Abraham lan tedhak turunipun dipun suwun saged ngugemi kasetyanipun dhumateng Gusti Allah. Tandha sunat punika tandha kawilujengan ingkang langgeng. Pramila Rama Abraham lan tedhak turunipun kasuwun ngugemi prasetyanipun, sampun ngantos mblenjani, awit menawi mbenjani janjinipun badhe katumpes (Ay. 14). Wonten ing Prajanjian Enggal, kula lan panjenengan sampun katetak, sarana supitipun Gusti Yesus, srana pangucating badan kadosan. (Kolose 2:10-11)
Prasetyanipun Allah kaliyan Rama Abraham, punika wujud prasetyanipun Gusti Allah kaliyan kita ugi, mila sumangga kita ngugemi prasetyanipun kanthi mujudaken lestantunipun lingkungan kita. Amin. (YK)
“Sapa kang nandur kabecikan bakal panen lestarine urip becik”.