Dadi Ganda Arume Sang Kristus Renungan Harian 11 Februari 2021

11 February 2021

Waosan : 2 Korintus 2 : 12 – 17 | Pamuji : KPJ. 175 : 1 – 2
Nats:
Awit kagem Gusti Allah aku kabeh iki dadi gandaning arum Sang Kristus ana tengah-tengahing wong kang padha nemu karahayon lan ana antarane wong kang padha nemu karusakan.” (Ay. 15)

Lelampahanipun rasul Paulus, anggenipun martosaken Injil Sang Kristus pancen elok sanget, sanadyan nemahi pepalang mawarni-warni, semangatipun mboten nate kendho. Bab punika cetha sanget, nalikanipun wonten ing Troas, Paulus rumaos bilih Gusti Yesus piyambak ingkang mbikak korinipun, ateges piyambakipun rumaos katuntun dening Gusti Yesus piyambak. Sanadyan wonten ing Troas batosipun mboten bingah krana mboten pinanggih kaliyan Titus, sadherek sapeladosan, piyambakipun tetep nglajengaken peladosanipun dhateng Makedonia. Semangat lelados kagem Gusti tansah dipun lampahi kalian pamuji syukur, krana rumaos bilih Gusti piyambak ingkang nuntun lampahing peladosanipun. Punapa ingkang dados kuncinipun? Mboten sanes nggih punika rasul Paulus rumaos bilih gesangipun punika satunggaling “sih rahmat” utawi peparingipun Gusti. Pramila rasul Paulus ngupaya peladosanipun kagem Gusti Allah dados ganda aruming Sang Kristus. Dados gondo arum wonten ing satengah-tengahipun tiyang ingkang sampun nampi karahayon lan ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang nemahi karisakan.

Sampun samesthinipun menawi pasamuanipun Gusti, ing peladosanipun saged nuladha semangatipun rasul Paulus, sanadyan kathah pepalang, ananging tetep gadhahi semangat lan tansah ngandelaken sih pitulunganipun Gusti. Punapa ingkang kita lampahi lan kita aturaken dadosa pisungsung ingkang arum gandanipun kagem Gusti. Bab punika pancen mbetahaken perjuangan, punapa malih wonten ing era New Normal, tamtu mbetahaken disiplin, prasaja, waspada lan boten grusa-grusu.

 Wewangianipun parfum, wewangianipun sekar menawi kita semprotaken, kita papanaken ing ageman kita, utawi ing badan kita sampun samesthinipun ndadosaken arumipun ageman, utawi badan kita, bab punika saged dadosaken kita langkung yakin dhateng diri kita (PD). Mekaten ugi dumadosipun dhateng brayat lan pasamuwan. Mila sumangga kita sami ngudi dados ganda arumipun Sang Kristus. Menawi rasul Paulus saged dados ganda arum, kita ugi saged. Amin. (YK)

 “Memitran karo bakul lenga wangi, gandane bakal kecipratan wangi uga”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak