Aja Padha Wedi! Pancaran Air Hidup 11 Desember 2024

11 December 2024

Waosan: Yesaya 35 : 3 – 7  |  Pamuji: KPJ. 338
Nats:Sing padha tatag, aja padha wedi! Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales lan ganjaraning Allah. Panjenengane piyambak kang rawuh arep nguwalake kowe kabeh.” (Ayat 4)

Nglampahi gesang punika mboten gampil. Kathah sanget pambengan ingkang kedah kita adepi lan raosaken. Punika saged nuwuhaken raos ajrih. Raos ajrih punika saged dados alangan kangge kita mujudaken gesang ingkang langkung sae. Punapa samangke panjenengan ngraosaken ajrih? Menawi saweg ngraosaken ajrih mangga kita sami sinau saking dhawuh pangandandikanipun Gusti ing dinten punika.

Bangsa Israel nate ngraosaken prekawis ingkang sami, inggih punika raos ajrih. Kala semanten bangsa Israel rumaos kaancam dening bangsa Asyur lan punika ndadosaken raos ajrih. Ing Kitab Yesaya 35 dipun gambaraken gesangipun bangsa Israel kados ing ara-ara samun, sami lungkrah lan lesu. Kala semanten bangsa Israel saweg ngadepi momotan ingkang awrat. Kawontenan punika ndadosaken gesangipun bangsa Israel lungkrah, kecalan semangat, lan pangajeng-ajeng. Nanging lantaran nabi Yesaya, Gusti Allah paring panglipuran lan semangat, bilih Gusti Allah badhe rawuh paring piwales lan ganjaran. Prekawis punika kados ingkang kaserat ing ayat 4: “Sing padha tatag, aja padha wedi! Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales lan ganjaraning Allah. Panjenengane piyambak kang rawuh arep nguwalake kowe kabeh.”

Raos ajrih punika salah satunggaling momotan ingkang dipun raosaken dening manungsa, kalebet kita para tiyang pitados. Punika saged kelampahan ing salebeting brayat kita, mekaten ugi ing gesang patunggilan. Samangke kita saweg mengeti ambal warsa GKJW ingkang kaping 93 taun. Wontenipun momotan-momotan ingkang dipun sanggi ing salebeting gesang patunggilan, sampun ngantos ndadosaken kita dhawah ing raos ajrih. Mangga kita sami pitados bilih Gusti Allah, ingkang kita tepangi wonten ing Gusti Yesus Kristus, Sang Sesirahing Pasamuwan tansah rawuh lan nulungi gesang kita minangka patunggilan ing GKJW. Amin [SWT].

“Greja prasasat baita neng tengah samodra, ning Gusti tansah makarya.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak