Waosan : Habakuk 3 : 2 – 6 | Pamuji : KPJ. 182
Nats: “Dhuh Yehuwah, pawartos bab Paduka sampun kawula pireng, saha kawula ajrih dhateng pakaryan Paduka, dhuh Yehuwah! …” (Ay. 2)
Dinten punika 11 Desember 2020, GKJW ambal warsa kaping 89 taun. Tamtunipun kita sedaya minangka warganing pasamuan GKJW sami atur panuwun lan saos sukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun ngrimati, nganthi saha paring pitulungan dhateng GKJW. Yuswa 89 taun punika, yuswa ingkang sampun sepuh kanggenipun manungsa lan GKJW. Ing dinten ambal warsa GKJW punika sumangga kita sami instropeksi diri: “Punapa ingkang sampun kita pisungsungaken kagem Gusti lumantar GKJW? Punapa kita punika sampun dados greja ingkang mandiri lan dados berkah ing gesang punika?”
Nabi Habakuk punika salah setunggaling nabi ingkang kautus dhateng Yehuda kagem nubuataken bab kawilujengan. Gusti Allah piyambak ingkang badhe ngluwari umatipun saking bangsa Babel. Ing waosan kita Habakuk ngaturaken pamuji Mazmuripun dhumateng Gusti Allah. Habakuk ngenget-enget kasaenan lan pakaryaning Gusti Allah tumrap bangsa Israel ing mangsa nabi Musa lan para leluhuring Israel. Pangakenipun Habakuk, ing sedaya pakaryanipun Gusti Allah punika kanyataaken kamulyan lan kaagunganipun Gusti, sarta ketingal ngedap-edapi tumrap alam. Habakuk tansah dedonga lan saos sukur karana sih rahmat lan katresnanipun Gusti Allah ingkang tanpa winates dhateng umatipun.
Gusti Allah nresnani lan nunggil umatipun Israel, Gusti Allah ugi nresnani lan nunggil GKJW. Lumantar Habakuk ingkang dedonga nyuwunaken kawilujengan kangge bangsa Israel, mekatena ugi kita puruna dedonga kangge greja kita GKJW. Kita ngaturaken panuwun lan saos sukur dhateng Gusti Allah ingkang mberkahi greja kita ngantos genep 89 taun. Swawi kita atur pandonga nyuwun kawilujengan saha kakiyatan supados lampahing GKJW ing satengah-tengahing donya punika saged dados berkah. Minangka warganing pasamuan sumangga kita sami mbangun patunggilan kang nyawiji. Pengajeng-ajengipun ing yuswa 89 taun punika kita sansaya dewasa imanipun, dewasa sikap lan tumindakipun lan dewasa anggen ngadepi mawerni-werni prekawis ing gesang punika. Gusti Allah ingkang kagungan GKJW tansah mberkahi lan ngrimati. Kita ingkang kagungan GKJW, sumangga cumadhang lan sumadya makarya ing peladosan kangge wujudaken patunggilan kang nyawiji lan kagem kaluhuran Asmanipun Gusti Allah. (AR)
“Selamat ulang tahun Grejaku, Tuhan yang memberkati Grejaku” (KK. 91)