Waosan : Purw. Dumadi (Kej.) 15 : 1 – 18 | Pamuji : KPJ. 133
Nats: “Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe.” …. “Iya samono bakal cacahe turunira.” (Ay. 5)
Awit winatesing pamawas, manungsa boten saged mesthekaken menapa ingkang badhe kelampahan lan dipun alami ing tembe. Nadyan nggadhahi panggayuh (cita-cita) lan kinanthenan pambudidaya, manungsa tetep boten saged mesthekaken menapa ingkang badhe kasunyatan. Yen wonten tiyang ingkang njanjekaken satunggaling prekawis sae, nanging prekawis sae menika ugi boten saged dipun pesthekaken menapa saestu badhe kelampahan. Kita malah boten badhe pitados bilih prekawis menika saged kapinangkan, menawi prekawis menika ewed dipun nalar.
Bapa Abram ugi dipun janjeni satunggaling prekawis ingkang ewed sanget dipun nalar. Bapa Abram dipun janjeni tedhak turun ingkang cacahipun boten winilang kados lintang ing langit. Ingkang dados prekawis (persoalan) sanes menapa ingkang dipun janjekaken, nanging karana Bapa Abram lan Ibu Sara sampun lalu yuswa dereng kagungan putra. Sakawit Abram langkung ngener (fokus) dhateng kawontenaning dhiri ingkang sanget winates, temah panjenenganipun mangu-mangu bilih prasetya menika badhe saged kaleksanan. Nanging sareng Gusti Allah nedahaken pratandha bilih janjinipun saged dipun ugemi, Abram lajeng nrima, pasrah lan pracaya kemawon. Abram boten merkawisaken (mempersoalkan) janjinipun Allah lan kawontenaning dhirinipun. Panjenenganipun cekap ngener kemawon dhateng menapa ingkang kedah lan prayoginipun dipun tindakaken. Panjenenganipun nampeni (nrima) janjinipun Allah menika. Janji menika kapasrahaken dhateng Allah pribadi kanthi pitados dhateng sih panguwaosipun Allah ingkang tanpa wates.
Kita tamtu nggadhahi panggayuh lan ugi sok nampeni janji saking pihak sanes. Prayogi kita ngener kemawon dhateng menapa ingkang kedah kita lampahi lan tindakaken. Kita pasrahaken kemawon dhumateng Gusti kanthi pitados. [st]
“Pasrahna srahh… marang Gusti kanthi pracaya yaa…!”