Waosan: Ibrani 2 : 10 – 18 | Pamuji: KPJ. 44 : 1 – 2
Nats: “Jalaran sarehne Panjenengane piyambak wis nandhang sangsara marga saka kagodha, dadi Panjenengane saged mitulungi marang wong kang padha kena ing panggodha.” (Ayat 18)
Gesang ndherek Gusti Yesus punika mboten namung nampi berkah lan kawilujengan kemawon ananging ugi kedah urup kagem tiyang sanes. Kados Rasul Paulus, sakderengipun mratobat lan dados abdinipun Gusti, sampun misuwur bilih piyambakipun punika tiyang ingkang jahat, mboten remen kaliyan tiyang Kristen lan asring nganiaya tiyang Kristen punika. Nanging sak sampunipun pinanggih kaliyan Gusti Yesus nalika badhe tindak Damaskus, piyambakipun owah saking tumindak jahatipun, piyambakipun dados peladosipun Gusti mbabaraken Injil. Wusananipun Paulus mboten namung dados tiyang sae kemawon, nanging ugi dados rasul ingkang setya martosaken Injil saha mbangun pasamuwan-pasamuwan ngantos dumugi tlatah Asia.
Saking gesangipun Rasul Paulus punika, kita dipun engetaken sak sampunipun kita nampi kawilujengan saking Gusti, gesang kita kedah dados tuladha ingkang sae kangge tiyang sanes. Awit Gusti Yesus rawuh ing donya punika kagem ngluwari manungsa saking dosa (Ay. 15) lan nuntun kita dhateng kamulyan. Pakaryanipun Gusti ing donya punika mujudaken agenging katresnan-Ipun. Ing ayat 11, Gusti Yesus nyebat kita “sedherek”, punika salah satunggiling timbalan katresnan dhateng kita. Prekawis punika mboten saged dipun sepelekaken awit karawuhan Gusti ing ndonya punika wigati. Namung Gusti Yesus kemawon ingkang saged mbirat sadaya dosa kita, mboten wonten malih sanesipun. Bilih Gusti Yesus ingkang suci lan maha kuwaos karsa nandang sangsara, mbirat sadaya dosa kita, lajeng punapa kita ingkang nampi kawilujengan badhe mendel kemawon?
Sumangga kita mboten namung mendel kemawon saksampunipun nampi kanugrahan punika. Pangurbanan saha katresnanipun Gusti Yesus punika kedah kita wujudaken ing gesang padintenan. Gesang kita dados tuladha ingkang sae kangge sesami. Sumangga kita wiwiti saking pangucap, penggalih, lan tumindak gesang kita ingkang sae. Kita sami nuladha Gusti Yesus ingkang karsa nandang sangsara, sinalib seda, lan wungu, menang saking panguwaos dosa. Kita sami ngemudheni diri, nilar dosa, lan sedya ngengetaken sesami bilih taksih nindakaken dosa. Awit “urip iku urup”, mangga gesang peparingipun Gusti punika, kita ginakaken kagem martosaken kayekten lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. [Ry].
“ Sadaya tiyang nindakaken dosa, nanging yen sampun nampi Gusti Yesus, mangga sami mratobat lan nilaraken dosa.”