Waosan: 1 Yokanan 2 : 18 – 25 | Pamuji: KPJ. 3
Nats: “Anadene prasetya kang diprasetyakake dening Panjenengane piyambak marang kita iya iku urip langgeng.” (Ayat 25)
“Sinten ingkang mboten kepingin gesang langgeng?” Tamtunipun kita sedaya kepingin gesang langgeng. Sae punika babagan gesang ing alam donya (panjang umur), makaten ugi babagan gesang langgeng wonten ing swarga, ingkang kita pitados wonten ing iman kita dhumateng Gusti Allah. Kajawi punika ugi wonten pangajeng-ajeng bab gesang langgeng ing kahanan sanes ing salebeting gesang kita. Contonipun, gesang bebrayatan ingkang langgeng, gesanging pakaryan utawi usaha ingkang langgeng, gesangipun putra wayah ingkang langgeng, lsp. Kita minangka manungsa tamtu gadhahi pangajeng-ajeng gesang langgeng, ananging kados pundi anggenipun kita ngupadi mujudaken gesang langgeng kalawau?
Rasul Yokanan ing layangipun kangge para umat Kristen ingkang wonten pangrimatanipun, nyerat pepeling supados para umat tansah waspada, awit wonten sawetawis umat ingkang mboten pitados bilih Gusti Yesus punika Sang Kristus. Kawontenan punika ingkang ndadosaken gesangipun pasamuwan crah. Malahan saged ndadosaken umat mboten gadhahi kapitadosan malih dhumateng Gusti Yesus Kristus. Pramila Rasul Yokanan paring pepenget supados para umat waspada sarta nglampahi gesang miturut kaliyan punapa ingkang sampun dipun karsakaken Gusti. Awit kapitadosan sarta lakuning gesang ingkang nurut karsanipun Gusti punika ingkang ndadosaken para umat saged nampi gesang langgeng.
Wonten ing salebeting gesang kita minangka tiyang pitados, kita ugi ngadhepi kahanan ingkang mboten gampil. Asring anggen kita nindakaken gesang ingkang setya tuhu dhumateng Gusti, kita ngadhepi kathah pambengan. Ananging kita mboten angsal nglokro, kita kedah nggadhahi pangajeng-ajeng bilih kita badhe nampi gesang langgeng ingkang sampun kaprasetyakaken Gusti kangge kita. Pangajeng-ajeng punika ingkang kedhah kita ugemi anggen kita nglampahi gesang padintenan. Temah gesang kita tansah binerkahan dening Gusti. Sedaya pangajeng-ajeng kita babagan gesang langgeng punika kedhah kita wujudaken srana pitados dhumateng Gusti sarta nindakaken punapa ingkang dados karsa-Nipun. Sumangga kita ngupados gesang langgeng kanthi pitados sarta ngugemi karsanipun Gusti. Amin. [RES].
“Ngupados gesang langgeng srana pitados dhumateng Gusti.”