Tentrem Rahayu Ana Ing Patunggilan Pancaran Air Hidup 11 April 2021

11 April 2021

Waosan : Yokanan 20 : 19 – 31 | Pamuji : KPJ. 334
Nats
: “Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!”” (Ayat 19b)

Nalika tahun ajaran baru, wonten lare ingkang kalebetaken Taman Kanak-kanak. Krana lare menika dereng biasa srawung kaliyan kancanipun, lare menika lajeng nangis. Para guru sampun nyobi nggendong supados saget mendel, ananging krana lare menika taksih dereng biasa kaliyan gurunipun, lare menika malah sansaya banter nangisipun. Ibunipun ingkang ngentosi ing jawi, mlajeng mlebet krana mireng tangisipun. Lare menika lajeng kagendong ngantos mendel. Lare menika ingkang saderengipun ngraosaken ajrih, krana wonten ibunipun lajeng mendel, ngraosaken aman lan ayem. Malahan ugi ngraosaken kabingahan awit tiyang ingkang dipun tepangi lan dipun tresnani sampun wonten ing celakipun.

Waosan kita ugi nedhahaken kabingahan ageng ingkang karaosaken dening para sakabat, awit Gusti Yesus ingkang nembe seda sampun wungu lan rawuh ing sadengah para sakabat. Gusti Yesus boten namung rawuh lan nuweni para sakabat, malahan paring dawuh ingkang nentremaken manahipun para sakabat. Awit Gusti Yesus dawuh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!”(ay. 19). Pangandikan menika ndadosaken sadaya raos ajrih lan kuwatos lajeng ical, gumantos raos bingah nalika para sakabat ndeleng Gusti Yesus (ay. 20). Ananging, Tomas ingkang boten sesarengan kaliyan para sakabat dereng pitados bilih Gusti Yesus sampun wungu (ay. 25). Tomas dereng ngraosaken tentrem rahayu kang kaparingake dening Gusti Yesus. Tomas nembe pitados nampi tentrem-rahayu saking Gusti, nalika makempal kaliyan para sakabat sanesipun, lan Gusti Yesus ngatingal ing ngajengipun. (ay. 26).

Saking waosan menika, kita saged sinau bilih gesang ing alam donya asring ngadepi perkawis ingkang ndadosaken kita ajrih lan kuwatos. Menapa malih kita rumaos boten wonten tiyang ingkang purun paring pitulungan. Ananing kadosdene Gusti Yesus ingkang rawuh ing satengahing para sakabat lan paring tentrem-rahayu, mekaten ugi sumangga kita pitados bilih Gusti tansah paring tentrem-rahayu dhumateng kita. Tamtu menika saged kalaksanan menawi kita setya ing patunggilan. Sampun ngantos kados Tomas ingkang mboten manunggal kaliyan para sakabat sanesipun, ngantos mboten sumerap bilih Gusti sampun wungu. Sugeng tetunggilan lan nampi tentrem rahayu. Amin. (py)

 “Kasetyan lan katresnan dumateng Gusti, ndadosaken kita nampi tentrem rahayu”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak