Waosan : Matius 27 : 57 – 66 | Pamuji : KPJ. 50
Nats: “Layon tinampa dening Yusuf, nuli diulesi nganggo mori putih kang resik, banjur kasarekake ing pakuburane dhewe kang anyar, ….” (Ay. 59,60)
Tembung semedi punika asal pinangkanipun saking kalih ukara, inggih punika Sam lan Adi. Sam tegesipun agung, Adi tegesipun endah, elok. Tiyang ingkang semedi punika nggadhah tujuan nggayuh budi ingkang agung, endah lan suci. Pramila punika nalika semedi, tiyang punika mbangun hubungan batin kaliyan Gusti ingkang Maha Kuwaos. Nyelak dateng Gusti, nyuwun pepadhang ugi pangertosan saking Gusti bab kawontenaning gesang ing donya. Tiyang ingkang semedi punika biasanipun manggen papan ingkang tenang lan sepi, supados boten kaganggu tiyang sanes.
Ing waosan kita nyariosaken Yusuf Arimatea ingkang nyuwun dateng Sang Pilatus supados saged ngrimati lan mapanaken layonipun Gusti Yesus ing pasarean ingkang sampun dipun cawisaken. Gusti Yesus seda saperlu nebus sakatahing dosa-dosaning manungsa. Sedanipun dados wujud sih rahmat lan katresnanipun dateng manungsa.
Ing tradisi greja dinten punika dipun wastani Sabtu Sunyi. Punapa tegesipun? Ing Sabtu sunyi punika umat dipun ajak sami ngrenungaken bab sedanipun Gusti Yesus. Sabtu sunyi punika dados tenger bilih Gusti Allah karsa makarya nalika Gusti Yesus wonten ing alam kubur. Ing dinten Sabtu sunyi punika kita dipun engetaken Gusti Yesus sampun nglawan panguwaos pepetheng lan pati, karsa nebus dosa manungsa ingkang mratobat.
Ing dinten punika mangga kita ginaaken kangge jumaga, dedonga sarta nuwuhaken pangajeng-ajeng dateng Gusti. Mangga kita sami niti priksa kawontenan gesang kita, ”Punapa kita sampun gesang kanthi setya dateng Gusti Yesus? Punapa kita sampun ngabekti kanthi tulus dateng Gusti? Punapa ingkang sampun kita aturaken kagem Gusti lan sesami?”. Inggih namung gesang ingkang mbangun turut Gusti kemawon ingkang kedah kita aturaken. Gesang ingkang tansah ngabekti kanthi tulusing manah, sarta pasrah dateng Gusti. Mangga kita nyengkeraken wekdal kita kagem Gusti. Kita nyelak dateng Gusti lan tansah ngestokaken dawuhipun salebeting gesang. (AR).
“Wekdal ening punika wekdal kita kagem Gusti, wekdal anggen kita mirengaken saha mangertos karsanipun Gusti dateng kita”