Aja Kagulung ing Panggodha Renungan Harian 11 April 2019

11 April 2019

Waosan : Ibrani 2 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ 97 : 1, 2
Nats : “Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatakake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu” [ayat 1]

Lindhu ing Palu dados bencana ingkang nggegirisi. Lindhu ageng ingkang ndadosaken kathah griya sami ambrug. Wonten kedadosan ingkang langkung nggegirisi inggih punika tanah gerak. Mboten namung semeter kalih meter. Kaetang kirang langkung satunggal kilometer tebihipun. Wonten paseksi saking sedherek ing Palu, bilih ilining siti campur toya punika lewat ing satengah margi ageng. Sok sintena kemawon ingkang mlajeng ing margi punika badhe kagulung lan kapendhem. Dene ingkang nyimpang ing kiwa tengen margi malah sami wilujeng. Mugi sapunika sedherek-sedherek kita ing Palu sami ginanjar bagas kasarasan nglajengaken lampah pigesangan.

“Supaya kita ora kentir katut ilining banyu”. Rasul Paulus ngengetaken supados iman dhumateng Gusti Yesus Kristus sampun ngantos kagulung dening mawarni-warni panggodha gebyaring donya, tantangan sarta pergumulan gesang. Eman sanget! Kenging punapa kok mekaten?

Karahayon ingkang dipuntampi dening umatipun Gusti Allah punika karahayom ingkang ageng sanget. Sebab Gusti Allah ngrawuhi manungsa kanthi nilaraken kamulyan swarga, ngantos purun ngasoraken dhiri langkung asor tinimbang para malaekat. Tujuanipun namung satunggal, inggih supados celak kaliyan manungsa saha mitulungi rahayu.

Wonten priyantun ingkang nggadhahi masalah kaliyan semahipun. Kahanan punika ndadosaken piyampakipun mboten purun tindak greja. Ing pangucapipun, “aku ora arep neng greja yen bojoku ora ngowahi tumindake”. Kahanan punika nedahaken bilih iman kekalihipun sami-sami saweg kagulung dening prahara gesang. Punika dados pangemut tumrap kita. Wekdal kita tinempuh ing prahara mangga mlajeng nyelak Gusti supados mboten kagulung prahara ingkang langkung nggegirisi . [PKS]

“Gusti kuwasa nggulung sakehing prahara gesang kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak