Kaeraman Dening Sih Kamirahaning Gusti Allah Renungan Harian 11 Agustus 2020

11 August 2020

Waosan : Rum 9 : 14 – 29 | Pamuji : KPJ. 169
Nats
: “Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane Gusti Allah.“ (Ay. 16)

Punapa panjenengan nate mirengaken pitembungan kados mekaten: “Golek tamba mrana wae, wong’e pinter.” Ugi wonten sanesipun, “Njaluk donga menyang Pendito kae lho, dongane kinabulan.” Utawi, “Melu KKR iki wae, onok penyembuhan, mukjizat nyata.” Umpami kita pirengaken pitembungan kados punika, tamtunipun wonten pitakenan dhateng dhiri, “Apa ana ya donga sing cespleng, kagem tiyang ingkang boten saged mlampah lajeng saged langsung ngadeg banjur mlampah.”

Ing waosan punika, kita dipunengetaken bilih bab kamirahaning Gusti Allah boten saged saking reka-dayaning manungsa. Umpami wonten tiyang sakit, nalika dipununjukaken wonten ing pandonga lajeng saged saras, punika ugi boten saged kita mastani pandonga saking manungsa punika ingkang ndadosaken Gusti Allah karsa makarya. Minangka para umat kagunganipun Gusti, kita kedah waspada, sampun ngantos luput kalawan ndewa-dewaaken marang kakuwataning manungsa. Malah ndlarung nganggep manungsa kalawau langkung aji tinimbang sih-kamirahaning Allah. Kados dene ayat ingkang kita gegilut sesarengan punika, bilih bab pigesangan punika “ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahaning Gusti Allah.”

Saking waosan punika kita saged mendhet pasinaon, bilih sawernaning berkah gesang ingkang dipun tampi dening manungsa pancen mbetahaken pambudi-daya. Ananging sampun ngantos wonten raos langkung pinunjul tinimbang sanesipun, nalika pambudi-daya ingkang katindakaken enggal nampi wujuding panjawab saking Allah, cundhuk kaliyan punapa ingkang dados panyuwun kita. Kasagedna minangka para umat kita tansah andhap asor ugi enget manungsa ingkang budi-daya lajeng Gusti ingkang nyampurnakaken. Mekaten ugi nalika kita ningali wonten tiyang sanes ingkang kados-kados boten nindakaken pambudi-daya, ananging binerkahan dening Gusti. Sampun ngantos kita sujana. Awit kita boten mangertos lampah punapa kemawon ingkang dipun tindakaken ngupadi berkah punika. Ingkang prelu kita mangertosi, reka-dayaning manungsa boten saged katandhing kaliyan sih kamirahaning Gusti. Malah saged-saged kita kaeraman dening sih kamirahaning Gusti.  (nadi)

Sapa temen-tinemenan mring Hyang Agung, pamintanya kinabuli.” (Paulus Tosari)

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak