Waosan: Yesaya 41:14-20 I Pamuji: KPJ 3
Nats: “Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang mitulungi sira,…” (ayat 29)
Kula gadhah tanggi. Tiyangipun inggil, awakipun methekel, dhadhanipun dempal, lengenipun singset-atos, menawi adu panco utawi engkol gampil menangan. Katambahan malih, lengen ing sisih tengenipun punika dipun tato gambar garuda. Tiyangipun remen olah raga angkat besi. Sampun ketawis bilih tiyang punika raganipun utawi body-nipun punika atletis sanget. Nanging sinaosa gampil menangan adu panco, wonten satunggal kakiranganipun. Punapa? Ajrih (leresipun, jijik utawi gila) kaliyan cacing lan uler. Nanging menawi kaliyan sawer malah boten ajrih.
Cacing lan uler punika kewan ingkang ringkih. Gusti ngagem aran cacing lan uler kangge nedahaken kawontenanipun Yakub utawi Israel ing ngarsanipun Gusti Allah. Sepisan, punika nggambaraken bilih minangka saliring titah ingkang boten kuwagang mbela kawontenanipun piyambak saking bebaya ingkang nrajang. Kaping kalih, cacing lan uler punika kaangep kewan ingkang nggegilani. Ateges: kalih kewan punika sacara hakekat mbetahaken pitulungan supados wilujeng. Menawi boten kapitulungan, cacing lan uler punika badhe mati kenging panas utawi kaidak-idak. Bab punika nuduhaken, tanpa Gusti Allah, Bangsa Israel punika ringkih sanget kados dene cacing, nggegilani sanget kados dene uler.
Si “cacing” Yakub, lan si “uler” Israel nedahaken bilih krana dosa, manungsa boten aji malih ing ngarsanipun Gusti Allah. Lajeng punapa ingkang ndadosaken cacing lan uler punika aji? Boten sanes krana welas asih lan kanugrahanipun Gusti Allah. Umat pikantuk pitulunganipun Gusti Allah, malah-malah dados abdi ingkang dipun tresnani lan pantes leladi dhateng Gusti Allah ingkang suci. Pakaryanipun Gusti Allah punika kangge nedahaken satunggal tujuan inggih menika supados saben tiyang sageda mirsani, sumurup, nggatosaken lan mangertos menawi Gusti Allah ingkang makarya ing sedayanipun, sarta Gusti Allah ingkang Mahasuci, ingkang nitahaken sedayanipun (ayat 20). Kados pundi kula lan panjenengan, punapa ingkang kita gungaken? Ing ngarsanipun Gusti Allah kita punika ringkih. (pong)
“Cacing lan uler dadi aji, krana reh-ing Gusti”