Wis Cemepak Renungan Harian 10 Desember 2017

10 December 2017

Waosan : Jabur (Mazmur) 85 : 9 – 14 | Pamuji : KPJ 136 : 1, 4
Nats: “Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangéran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengané, satemah nagara kita kadunungan kamulyan.” [ayat 10]

Upami, ing satunggaling wekdal kita wangsul saking nyambut damel utawi kekésahan badan kraos pegel/ kesel lan madharan kraos ngelih (luwe), ndilalah……… ing méja sampun cemawis tetedhan ingkang dados kareman kita, kinten-kinten, punapa ingkang badhé kita tindakaken………??? Ah… nggih gantos rasukan rumiyin! Mangga! Ah…. nggih wijik-wijik rumiyin utawi adus-adus rumiyin, supados boten mbekta sawan ing griya! Mangga! Ananging, kados pundi kareman ingkang wonten méja kalawau??? Tamtu, badhé kita “gasak” ngantos “ludhes”.

Kados déné tiyang ingkang wangsul nyambut damel lan madharanipun ngelih, mekaten gegambaranipun manungsa (klebet kita) ingkang èstunipun ngorong sanget dhateng tentrem-rahayu saha karaharjan ingkang saking Gusti Allah. Kados déné tetedhan kareman ingkang sampun cumawis ing méja; tentrem-rahayu saha karaharjan saking Gusti Allah ugi sampun cepak kanggé kita. Lhah, menawi sampun mekaten punapa ingkang kedah kita tindakaken??? Ingkang kita betahaken, ingkang dados pangajeng-ajenging gesang kita sampun dipun cawisaken Gusti kanggé kita. Punapa punika boten badhé kita pendhet, punapa badhé kita jaraken kémawon??? Menawi namung kita jaraken lan boten kita pendhet kabetahan utami gesang punika lan ingkang kita ajeng-ajeng, ateges kita dados manungsa ingkang bodho sanget… amargi sampun cumepak…… inggih napa boten???

Mila mangga kita pendhet, kita gayuh tentrem-rahayu lan karaharjan saking Gusti ingkang sampun dipun cawisaken kalawau. Punika ateges kita kedah mujudaken gesang ajrih-asih dhumateng Panjenenganipun saha tansah purun nyadhong sarta mituhu dhawuh-Ipun. Punika ugi dados wujuding anggèn kita sami nyawisaken gesang mapag rawuhipun Gusti Yesus, mapag Sang Tentrem-rahayu, Sang Karaharjan ingkang utami tumraping jagad. [wn]

“Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lèpèn, inggih mekaten kangening nyawa kula dhumateng Paduka, dhuh Allah.” (MS.42:2)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak