Waosan: Mateus 19 : 16 – 22 | Pamuji: KPJ. 439
Nats: “Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.” (Ayat 21)
Tembung open punika dados tembung ingkang asring kita sebut nanging mboten gampil kita lampahi. Dados tiyang ingkang open punika mbetahaken empati lan raos peduli tumrap dhiri pribadi ugi sesami. Open punika dados babagan ingkang wigati karana nedahaken bilih kita punika mboten namung mikir kangge dhiri kita piyambak. Kasunyatanipun ing jaman ingkang tansaya awrat lan kathah tantangan punika asring ndadosaken manungsa egois. Mila sikep open lan peduli dhateng sesami punika kedah kita lampahi.
Waosan kita nyariosaken Gusti Yesus ingkang mucal tiyang kathah. Nalika mucal, wonten tiyang nem sugih ingkang sowan lan matur dhateng Gusti Yesus bab kados pundi caranipun supados piyambakipun saged nampi gesang langgeng. Saking ngriku Gusti Yesus paring wangsulan kanthi cetha lan teges, “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.” (Ay. 21). Saking wangsulanipun Gusti Yesus punika, Panjenenganipun kepingin supados tiyang punika nggadhahi sikep open dhateng sesaminipun ingkang mbetahaken pitulungan. Sanadyan wangsulanipun Gusti Yesus punika kados-kados mokal dipun lampahi nanging punika dados sikep nyatanipun Gusti Yesus dhateng para tiyang miskin lan kesrakatan. Gusti Yesus ngersakaken supados para sakabat lan tiyang ingkang sami mirengaken piwucalipun mboten namung mikir kangge dhirinipun piyambak. Mboten lepat menawi tiyang nem sugih kalawau kepengin nampi gesang langgeng, ananging saderengipun nampi gesang langgeng punika, piyambakipun kedah open lan peduli dhateng sesaminipun langkung rumiyin, karena tentrem rahayu punika mboten namung ing swarga nanging ugi wonten ing alam donya. Gusti Yesus sampun paring tuladha kanthi cetha dhateng kita bab open lan peduli dhateng sesami ingkang mbetahaken pitulungan. Pramila mangga kita sadaya minangka pandherekipun Gusti Yesus saged nuladani Gusti Yesus. Mangga kita tansah open lan peduli dhateng sesami kita supados tentrem rahayu ing alam donya punika kawujud. Amin. [Kuh.C]
“Ngopeni dhateng sesami punika dados wujud paseduluran sejati.”