Ngakoni Aku Renungan Harian 1 Mei 2019

1 May 2019

Waosan : Lukas 12 : 1 – 12 | Pamuji : KPJ 103
Nats : “Aku pitutur marang kowe: Saben wong kang ngakoni Aku ana ing sangarepe wong, iku iya bakal diakoni dening Putraning Manungsa ana ing ngarepe para malaekating Allah.” [ayat 8]

Kathah carios bab tiyang ingkang boten purun ngakeni tiyang sepuhipun krana tiyang sepuhipun kalebet brayat ingkang kacingkrangan. Wonten malih tiyang rumaos bingah awit saged tepang kaliyan punggawaning negari, malah ugi ngakeni taksih kalebet sedherek lan brayat celakipun. Nanging kenging punapa kathah putranipun Gusti ingkang ajrih ngakeni bilih Yesus Kristus punika Ramane lan Gustine ingkang tansah paring sedaya kabetahane gesangipun? Kalih perkawis utami ingkang dados alesan, inggih punika sepisan, rumaos ajrih dumateng tiyang ingkang dereng wanuh dumateng Gusti, langkung-langkung ingkang kagungan “jabatan” amrih boten dados pepalang ing lampah gesangipun. Kaping kalih, boten ngrumaosi bilih sedaya mawarni-warni berkah ingkang katampi, punika saking Gusti Allah, malah ngakeni bilih sedaya kagunganipun punika krana upaya lan wujud anggenipun makarya.

Gusti Yesus paring pepenget dumateng para sakabat, sampun ngantos sami kaliyan tiyang Farisi ingkang lamis. Iman kapitadosanipun dipun tutupi krana ajrih dipun aniaya dening panguwaose negari. Gusti paring piwucal supados kaleresan kedah kababar dados pepadange gesang, sampun ngantos nyelaki iman kapitadosan. Sampun ajrih kaliyan panguwaose donya ananging para sakabat kedah ajrih namung dumateng Gusti Allah kemawon. Awit menawi para sakabat kala semanten gesang kadosdene tiyang Farisi, ateges gesangipun punika kebak dening “kemunafikan” lan boten migunani kangge sesaminipun.

Pepengete Gusti Yesus dumateng para sakabat dados piwucal dumateng kita. Menawi kita tansah ngakeni dados putranipun Gusti, tumindak ingkang kebak kaleresan lan kasaenan ing gesang kita, kedah kababar dumateng sesami. Kejawi punika, pratanda dados putranipun Allah, kedah ndherek makarya sesarengan kaliyan Gusti ngetrapaken rancangan Adinipun, paring panyengkuyung amrih kahanan tentrem rahayu kangge sedaya titah. Ingkang pungkasan lan boten saged kalirwakaken, sampun ngantos gesang kita punika malah “nyrimpeti” rancangan agung Gusti. Monggo kita dados tiyang sae ingkang tansah ngluhuraken Asmanipun Gusti. Amin. [yohdik]

“…anilingna sabdeng Allah kang ngundangken sih rahmat…”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak