Gesang Enggal Pancaran Air Hidup 1 Maret 2026 

1 March 2026

Waosan: Yokanan 3 : 1 – 17  |  Pamuji: KPJ. 158
Nats: “Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.” (Ayat 3)

Kita asring manggihaken ewah-ewahaning gesang, kados bab kawontenan badan lan gesang kita. Singen taksih enem lan rosa, samangke rikmanipun sampun pethak lan ringkih ing badan. Singen rekaos ngupadi sandang lan tedha, samangke kawontenanipun sampun mapan. Singen menawi badhe ngertakaken kabar kedah ngintun layang lewat pos, nanging samangke teknologi sampun canggih kantun videocall kemawon. Mangsa inggih ugi ewah, wonten mangsa rendheng lan ugi mangsa katiga. Sadaya badhe nglampahi ewah-ewahaning gesang, kantun ewah-ewahan punika tumuju dhateng kawontenan gesang ingkang langkung sae punapa langkung awon, kawontenan gesang ingkang langkung celak kaliyan Gusti punapa langkung tebih saking Gusti.

Waosan kita nyariosaken tiyang Farisi ingkang dalu-dalu seba dhateng Gusti Yesus, naminipun Nikodemus. Kita asring manggihi katah para tiyang Farisi ingkang sengit kaliyan Gusti Yesus, nanging Nikodemus purun sowan dhateng Gusti Yesus. Piyambakipun pitados bilih punapa ingkang dipun wucal Gusti Yesus lan mujizat ingkang dipun tindhakaken dening Gusti Yesus punika saking Gusti Allah. Nanging piyambakipun taksih penasaran sinten ta sejatosipun Gusti Yesus punika. Nikodemus minangka imam Yahudi tamtu kagungan pamanggih ingkang sae bab kitab para nabi, nanging piyambakipun rumaos kewetan mangertosi piwulangipun Gusti Yesus bab lair kapindho. Ing ngriki Nikodemus kaajak pitados bilih Gusti Yesus punika Putraning Allah, Sang Masih ingkang rawuhipun sampun dangu dipun antu-antu dening para tiyang Yahudi. Sang Masih ingkang paring pitulungan tentrem rahayu kangge jagad lan ingkang saged bekta para umat kagunganipun Gusti nampi kawilujengan gesang langgeng (Ay. 16-17).

Lair kapindho punika sanes lair sacara kajasmanen, nanging lair malih sacara karohanen. Lair kapindho inggih punika gesang kita ngetingalaken ewah-ewahan ingkang langkung sae ing salabeting manah lan pangertosan. Kita kedah nilar gesang lami, tumuju dhateng gesang enggal, gesang ingkang tansah dipun kanthi dening Roh Suci. Ewah-ewahaning donya punika mboten saged kita selaki, nanging gesang enggal miturut karsanipun Gusti, punika ingkang kedah kita lampahi. Amin. [M@ul].

“Gesang enggal saged nyata nalika kita nyuwun Roh Suci makarya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak