Aja Isin Pancaran Air Hidup 1 Juni 2023

1 June 2023

Waosan: 2 Timotius 1 : 8 – 12 | Pamuji: KPJ. 448
Nats:Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengane, nanging melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan kakuwataning Allah.” (Ayat 8)

Sinten ta tiyang ingkang boten kepingin gesangipun saged migunani kangge sesami? Tamtu kita sadaya punika kepingin gesang kita saged migunani kangge brayat ugi sesami. Punapa malih kita minangka umat pitados kagunganipun Gusti, kita sadaya nampi timbalan ingkang sami inggih punika dados rowang damelipun Gusti Allah kangge mbabaraken kabar kabingahan, mujudaken gesang ingkang kebak katentreman lan karaharjan ing donya punika.

Timbalan kangge mbabaraken kabar kabingahan utawi Injil punika ingkang dipun emutaken rasul Paulus dhateng Timotius. Sinaosa Timotius lan pasamuwan ing wiwitan asring nampi karibedan awit mbabaraken Injil, nanging kawontenan punika sampun ngantos dadosaken ajrih lan isin kangge martosaken bab katresnanipun Gusti Allah ing salebeting Sang Kristus Yesus (Ay. 8-9). Kakiyatan saking Gusti Allah piyambak ingkang badhe ndadosaken Timotius wantun ngadepi karibedan nalika paring paseksi bab Injil Yesus Kristus. Paseksi punika sageda dipun ayahi kanthi adhedhasar saos sokur awit Gusti Allah sampun paring sih rahmat kawilujengan ing Sang Kristus kangge sadaya umat pitados.

Tamtu kita badhe ngalami kathah prekawis nalika nindhakaken paladosan, sae wonten ing pasamuwan, ing papan pandamelan ugi wonten ing gesang bebrayatan. Asring kita kewetan badhe miwiti paladosan, awit kita rumaos boten dipun ajeni, dipun sepelekaken, rumaos sadaya dipun tandangi piyambakan. Mekaten ugi kita rumaos minder, boten saged, lan ajrih. Nanging manut waosan kita samangke, sampun ngantos kita isin utawi ajrih paring paladosan lan paseksi, awit sadaya paladosan kita punika saged dados margining berkah kangge kita, brayat, ugi sesami. Pitados kemawon, sinaosa kita punika winates nanging kawicaksanan lan kakiyatan saking Gusti Allah piyambak ingkang badhe nyagedaken lan paring kasampurnan ing salebeting paladosan lan paseksi ingkang kita tindakaken. Sampun ajrih lan isin kangge paring paladosan lan paseksi, supados langkung kathah tiyang ing sami ngraosaken bilih Gusti Allah punika Gusti ingkang Maha Asih. Amin. [M@ul].

“Omah genteng saponono, abot enteng lakonono”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak