Waosan: Wilangan 11 : 24 – 30 ǀ Pamuji: KPJ. 288
Nats: “Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku.” (Ayat 25)
Punapa ingkang dados tandha bilih tiyang pitados punika gesangipun kapimpin dening Roh Suci? Tiyang ingkang kapimpin dening Roh Suci punika badhe ngetingalaken woh-wohing Roh inggih punika katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. (Gal. 5:22-23). Pitakenan kangge kita sami, “Punapa wohing Roh punika sampun wonten ing salebeting gesang kita? Punapa gesang kita sampun tundhuk dhateng pimpinaning Sang Roh Suci?” Mangga kita sami nliti priksa gesang kita piyambak-piyambak.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken para pinituwaning bangsa Israel ingkang cacahipun pitung dasa sami kaparingan Rohipun Gusti Allah. Nalika Rohipun Gusti punika dumunung ing para pinituwa punika, para pinituwa punika sami medhar sabda kados dene nabi. Ateges pitung dasa pinituwa punika kaparingan pangertosan dan kawicaksanan ingkang sami kados Musa kangge mimpin bangsa Israel. Sang Roh punika ingkang ugi maringi daya kakiyatan dhateng pitung dasa pinituwaning Israel punika nindakaken karsanipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel. Musa boten piyambakan anggenipun gulawentah lan didik bangsa Israel supados gesang miturut karsanipun Gusti Allah.
Ing GKJW nalika wonten pangabekti tahbisan Pendita, pangabekti kepyakan Guru Injil, Pinitua lan diaken, palados pangabekti nyuwunaken berkah dhateng Gusti Allah kangge para palados punika. Palados pangabekti ugi nyuwun supados Sang Roh Suci tansah nunggil dhateng para abdi ingkang sami kakepyakaken punika. Mekaten ugi nalika kita mbaptisaken putra, sidi, daup suci, kita ugi dipun berkahi supados Sang Roh Suci nunggil ing salebeting gesang kita. Sarana panunggiling Sang Roh Suci dhateng kita punika, kita saged kiyat ngadepi panggodha, kita saged ngraosaken tentrem rahayu, lan kita saged dados saksinipun Gusti Yesus salebeting gesang kita. Roh Suci punika ingkang nuntun lan madhangi gesang kita, ingkang tansah ngengetaken kalepatan lan dosa kita. Pramila mangga kita pitados, bilih kita sampun dipun berkahi Gusti, tegesipun Sang Roh Suci tansah nunggil lan makarya dhateng gesang kita. Tandhanipun gesang kita tansah ngluhuraken asmanipun Gusti sarta ngedalaken woh-wohing Roh ingkang nyata. Amin. [AR].
“Roh Suci nunggil kita, mila gesang kita tansah nuwuhaken berkah dhateng sesami”