Mlebu Kuping Tengen Renungan Harian 1 Juli 2020

1 July 2020

Waosan :  Yesaya 51 : 1 – 3|    Pamuji  :  KPJ. 203 : 1, 2
Nats:
“Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran, …..” (Ay. 1)

La kedadean tenan to, diomongi wong tuwa ora dirungoke, malah nuruti karepe dewe?”  Mekaten kalawau dawuhipun tiyang sepuh dhateng yoga ingkang boten purun manut kalian pituturipun. Awit boten manut, yoga punika manggih kacilakan. Sejatinipun tiyang sepuh punika kepingin ingkang sae kemawon ingkang kelampahan dhateng yoganipun, pramila kadangkala ngantos saestu anggenipun nuturi. Ing kasunyatanipun boten otomatis yoga punika nggugu dawuhipun tiyang sepuh, kadang  kala malah nggugu wicantenipun kanca, ingkang kadangkala malah boten bener. Duka awit punapa lare-lare punika kok nggih ewet sanget nggugu dawuhipun tiyang sepuh.

Bangsa Israel kedahipun nggatosaken dawuhipun Gusti Allah, menawi kepingin nggayuh gesang ingkang sae nanging nyatanipun namung ngeneraken diri dhateng Allah. Tedhak turunipun Israel kedahipun purun ningali pengalaman gesang ingkang sampun kelampahan dening para leluhuripun. Rama Abraham ingkang kasebut ramanipun tiyang pitados, ingkang tansah patuh dhateng dawuhipun Gusti tansah nggugu punapa ingkang dados prentahipun Gusti Allah. Saestu para leluhuripun bangsa Israel sami mbikak talinganipun kanthi jembar, satemah dawuhipun Allah saestu saged rumesep wonten ing angen-angen lan ing manahipun. Senaosa para leluhur punika ngalami pacoben, awrating gesang, kasangsaran, awit kanthi temen pitados dhateng Gusti Allah. Pramila sedaya kahanan kapulihaken dados sae malih. Kasedihan kagantos kabingahan, kasangsaran nuwuhaken katentreman. Senaosa awrat gesang ing tanah pembuangan mboten dadosaken bangsa Israel, para leluhur punika lajeng nglirwakaken dawuhipun Gusti Allah.

Ing gesang punika kadang kala kathah suwara-suwara boten pener, ingkang ngeridu ati, satemah saged kemawon njlomprongaken kita dhateng samubarang ingkang boten becik. Sinau saking waosan kitab suci ing dinten punika, kangge sinten kemawon ingkang sami midangetaken dawuhipun Gusti mesthi gesangipun pener. Mirengaken kanthi saestu dawuhipun Gusti punika ateges, mlebu kuping tengen, rumesep ing angen-angen, satemah boten bablas medal kuping kiwa, satemah tanpa gina. Umpami ing sak mangke kathah anak-anak kita ingkang ndablek, boten nggatosaken dawuhipun tiyang sepuh, ewet dipun tuturi, punika tantangan kangge kita sedaya. (Gal).

“Kulinakna mirengake dawuhe Gusti, mesti kita bakal kulina nindake Dawuhe”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak