Dados Pahlawan Renungan Harian 1 Juli 2018

1 July 2018

Waosan: 2 Samuel 1 : 17-27  I  Pamuji: KPJ. 340
Nats:
Prabu Saul lan Sang Yonatan, wong kang kinasihan lan sumlondhoh ,sugenge lan sedane ora pinisah.” (ayat 23a)

Kagem Daud, Prabu Saul lan Yonatan menika tiyang-tiyang ingkang wigati. Prabu Saul menika raja ingkang dipunurmati lan Yonatan menika kanca sae malah sampun kados sedulur ngantos salawasing gesangipun. Para priyantun menika sampun paring tuladha bab nyambut damel, pangupaya lan motivasi kangge bangsanipun lan kagem Gusti ingkang tansah dipunmulyakaken. Mila krana menika Daud ngripta pepujen ingkang dipunwucalaken dhateng bangsa Israel lumantar catetan ing buku Yasar, lelagonipun bangsa Israel (ayat 19-27). Mbokmenawi langkung trep dipun sebut geguritan, cariyos kepahlawanan Saul lan Yonatan ingkang seda kagem Israel, bangsa ingkang dipunparingaken dening Gusti, kaserat ing buku menika.

Kita ugi nggadhahi tradisi paring urmat dhumateng para pahlawan ing upaca-upacara ing Istana Negara ugi ing sekolahan lan kantor-kantor saben dinten Senin. Ing upacara menika kita mujekaken lagu „Mengheningkan Cipta. Kathah tiyang boten mangertosi sinten ingkang ngripta lagu menika, nanging tetep mujekaken lagu menika kanthi khidmat ing upacara. Lagu ingkang dipunugelaken kraos syahdu nuntun kita dhumateng wekdal sidhem kangge ngemut-emut perjuanganipun para pahlawan. Lagu ingkang parabipun Hymne Pahlawan saking T. Parwit menika cekak, nanging isinipun lebet ing batos. Nuwuhaken raos urmat dhumateng pangorbananipun para pahlawan kangge kamardikanipun Indonesia.

Kita saged dados pahlawan. Inggih menika tiyang ingkang migunani kangge gesang. Menapa ingkang badhe kita aturaken ing gesang menika, supados dados pengeling-eling ingkang endah? Saged ketemenan, semangat nyambut damel, motivasi peladosan ingkang leres, lan kabingahan kagem sok sintena ingkang ing sakiwa tengen kita lan ingkang paring inspirasi kangge gesang kita. Sumangga mbekta semangat ing gesang menika, semangat kangge dados pahlawan ingkang nresnani dan mujudaken gesang ingkang langkung sae sarta mbangun turut dhumateng Gusti Allah. Amin. (LUV)

 „ Menawi ngadhepi mengsah, gaman ingkang paling landhep menika gaman katresnan“  (Cut Nyak Dien)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak