Waosan : Matius 24 : 37 – 44 | Pamuji : KPJ. 242 : 1, 2
Nats: “Awit saka iku, kowe uga padha rumantia, amarga rawuhe Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana.” (Ay. 44)
Punapa kita nate mireng istilah “sidak” (operasi mendadak). Sidak menika asring dipun tindakaken nalika petugas Kemenkumham ngawontenaken pemeriksaan ndadak ing Lembaga Pemasyarakatan (LP). Nalika sidak petugas manggih katah pelanggaran saking para narapidana kados ing ruang tahananipun wonten TV, AC, HP, Laptop. Wonten ugi napi ingkang dipun panggihi nyimpen narkoba. Sidak punika boten nate dipun duga-duga. Karana punika saking sidak punika katah napi lan petugas lapas ingkang nampi paukuman karana sampun nglanggar aturan ingkang wonten.
Dinten rawuhipun Gusti boten wonten setunggal tiyang ingkang mangertos kapan titi wancinipun. Kados nalika jamanipun nabi Nuh, boten wonten tiyang ingkang nginten bakal wonten banjir bah ingkang mejahi sedaya tiyang kecuali brayatipun rama Nuh. Gusti Yesus piyambak maringi pasemon bilih dinten rawuhing Gusti saumpami wonten maling ingkang nyatroni griya tiyang. Boten saged dimangertosi kapan wancinipun. Pramila punika Gusti Yesus, mengetaken dateng para sakabat supados siaga lan jumaga awit rawuhing Putraning Manungsa ing wanci ingkang boten kanyana-nyana.
Lumebet ing wulan Desember ateges kita sampun lumebet mangsa Adven. Inggih, kita wonten mangsa ngrantos dinten rawuhipun Gusti. Gusti Yesus sampun rawuh ing donya saperlu nebus manungsa saking bebenduning dosa. Rawuhipun Gusti Yesus ingkang sepisan maringi kawilujengan lan mulihaken hubungan antawisipun Gusti Allah kaliyan manungsa. Mekaten ugi Gusti Yesus badhe rawuh malih kaping kalih dados hakim ingkang adil, ingkang ngadili lan ngukum manungsa dosa. Kapan wancinipun? Kita boten mangertos. Ingkang perlu kita tindakaken ing mangsa Adven punika tansah siaga lan jumaga. Mangga kita niti priksa gesang kita, punapa ingkang sampun kita lampahi salebeting gesang punika? Sumangga kita nindakaken karsanipun Gusti, gesang kanthi setya, nuwuhaken katresnan dateng sesami sarta nebihi tumindak awon lan dosa. (AR)
“Tiyang ingkang siaga lan jumaga bakal tinemu wilujeng nalika Gusti rawuh”