Gusti Yesus Sang Pepadhanging Gesang Pancaran Air Hidup 1 April 2024

1 April 2024

Waosan: Purwaning Dumadi 1 : 1 – 19  |  Pamuji: KPJ. 245 : 1, 2
Nats: “Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahake padhang karo peteng.” (Ayat 4)

Cobi kita gatosaken punapa ingkang badhe kita tindakaken nalika lampu listrik mati ing wanci dalu? Tamtu kita badhe ngupaya pados senter utawi lilin supados kamar ingkang peteng saged padhang, lajeng kita saged nglajengaken tugas utawi pakaryan kita. Padhang punika dipun betahaken sedaya tiyang. Srana padhang, kita mboten badhe kesandung lan dawah karana kita mangertos margi ing ngajeng kita. Bilih wonten sela ingkang nyandungi, kita saged langkungi awit kita mangertos wonten sela ing ngajeng kita. Mekaten kangge lampah gesang kita ing donya, Gusti Allah ngersakaken kita tansah gesang ing pepadhang, inggih punika gesang tresna tinresnan, nindakaken kabecikan dhateng tiyang sanes, sarta mbangun turut dhumateng karsanipun Allah.

Waosan kita dinten punika nyariosaken Gusti Allah ingkang nitahaken langit bumi saisinipun. Ing wiwitan mula, Gusti Allah nitahaken padhang. Kasebataken ing ayat 3-5, “Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang. Padhang mau  dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahake padhang karo peteng. Kang padhang diparingi aran raina, dene kang peteng wengi. Mangkono wus dadi sore lan esuk: dina kang kapisan.” Gusti Allah nitahaken padhang ing dinten kapisan kagungan tujuan, inggih punika supados sedaya titah katitahaken ing kawontenan ingkang sae. Lan padhang punika dipun pandeng sae.

Mengeti dinten Paskah, kita sami mengeti dinten wungunipun Gusti Yesus Kristus. Dinten kabingahan kangge kita karana Gusti Yesus sampun ngawonaken pati lan kita ingkang pitados kaparingan kawilujengan. Gusti Yesus sampun nebus dosa-dosa kita supados kita gesang ing pepadhang. Gusti Yesus piyambak ingkang dados Sang Pepadhang kangge gesang kita. Lumantar dinten Paskah punika, kita kaajak nglampahi gesang miturut karsanipun Gusti Yesus. Sampun ngantos kita nebih saking Gusti, nanging mangga kita tansah nyelak lan rumaket dhateng Gusti. Kanthi mekaten gesang kita tansah wonten ing pepadhang lan kita saged nindakaken gesang ingkang maedahi dhateng sesami. Sumangga kita tansah ngantepi iman kita, pitados bilih Gusti Yesus Kristus punika Sang Pepadhang gesang kita. Awit srana pitados ing Gusti Yesus, kita badhe nampi kawilujengan sarta kamulyan langgeng. Amin. [AR].

“Dadia pepadhang ing satengah-tengahing uripmu, aja urip ing pepeteng!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak