Waosan: Markus 16 : 1 – 18 | Pamuji: KPJ. 167
Nats: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nazaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana ing kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.” (Ayat 6)
Ing gesang padintenan bab bingah lan sisah punika dados prekawis ingkang limrah kita alami. Kita ngraosaken bingah awit kita nampi kawontenan gesang ingkang ngremenaken manah, kita nampi berkah, kita saged pepanggihan kaliyan sanak sedherek kita, lsp. Kosokwangsulipun, kita ngraosaken sisah awit kita ngalami prekawis gesang ingkang awrat, kita nyanggi momotan, kita kecalan sanak sedherek ingkang kita tresnani, lsp. Hendri Nouwen nyebataken manungsa ingkang saged nampi bingah lan sisahing gesang lan nglampahi gesangipun ing sedaya kawontenan punika kasebat manungsa ingkang saged mahargyan gesangipun (merayakan hidup). Kados pundi kaliyan gesang kita?
Waosan kita ing Minggu Paskah punika nyariosaken Maryam Magdalena, Maryam ibunipun Yakobus lan Salome ingkang tindak dhateng pasareanipun Gusti Yesus saperlu badhe njebadi layonipun Gusti Yesus. Nalika mlebet ing pasarean punika, para tiyang estri kalawau sami kaget awit ningali wonten priya ingkang lenggah sisih tengen pasareanipun Gusti Yesus sarta ngandikan, “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nazaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu.” Mireng pawartos punika, para tiyang estri punika enggal-enggal martosaken bab wungunipun Gusti Yesus dhateng para sakabat sanesipun. Ing pungkasan waosan kita, kacariosaken Gusti Yesus ngatingal dhateng para sakabat-Ipun (Ay. 14). Para sakabat dipun utus kangge martosaken Injil, mbaptis tiyang pitados, lan dipun paringi kuwaos kangge nyarasaken tiyang sakit. Para sakabat ingkang waunipun sisah lan prihatos sasampunipun Gusti Yesus wungu, dados bingah, semangat, lan wantun martosaken Injiling Gusti Yesus.
Ing dinten Paskah punika, kita maharya dinten wungunipun Gusti Yesus. Gusti Yesus sampun ngawonaken pati, lan kita ingkang pitados pinaringan gesang langgeng. Mila mangga kita sami suka bingah awit pakaryanipun Gusti sampun nyata salebeting gesang kita. Kados para sakabat ingkang nampi pawartos ingkang mbingahaken lajeng martosaken kabingahan punika, mekatenan ugi kita. Mangga kita wartosaken wungunipun Gusti Yesus dhateng sesami kita. Sugeng Paskah. Gusti Yesus ingkang sampun gesang tansah nganthi lan mberkahi kita. Amin. [AR].
“Paskah punika pawartos nuwuhaken mbingahaken kangge kita umat-Ipun.”