Raket, Caket tan Pethal

26 October 2016

Waosan : Lukas 22 : 39 – 46 | Pamuji : KPK 145 : 1 – 5
Nats: “Nuli padha dipangandikani: ”Yagéné kowé padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.” [ayat 46]

Taksih ènget bencana tsunami ing Aceh 26 Desember 2004? Watawis 21 dinten sasampunipun kedadosan, wonten laré anèm alit ingkang dipun panggihaken slamet. Lare punika naminipun Martunis. Laré punika kemampul ing toya ngamplok ing wit laminipun 21 dinten lan nedha punapa kémawon ingkang dipun panggihi. Martunis wusananipun kondhang, ngantos Christiano Ronaldo (pemain sepak bola) manggihi piyambakipun, awit wekdal kemampul saweg nganggé kaos sragam-ipun timnas Portugal.

Kados déné Martunis ingkang ngamplok wit milanipun wilujeng, Gusti Yesus ugi ngersakaken supados para pendhèrèkipun tansah ngamplok, raket, caket tan pethal tetunggilan kaliyan Gusti Allah. Tetunggilan kaliyan Gusti Allah punika -salah satunggalipun- kawujudaken lumantar pandonga. Milanipun Gusti Yesus ngantos kaping kalih anggènipun paring pepènget dhateng para sakabat supados ndedonga (ayat 40 lan 46).

Rumaketing tetunggilan kaliyan Gusti Allah, mliginipun wonten ing pandonga, punika nuwuhaken kasantosan ing salebeting reribet. Kados ingkang dipun alami dening Gusti Yesus piyambak (ayat. 43). Rumaketing tetunggilan kaliyan Gusti Allah, ugi ngiyataken gesang punika supados boten dhawah ing panggodha (ayat 40, 46). Lan sedaya punika nedahaken bilih rumaketing tetunggilan antawis kita kaliyan Gusti Allah (salah satunggalipun lumantar pandonga), ndadosaken gesang kita tansah wonten ing salebeting kawilujengan pakaryanipun Allah.

Kados déné ombak tsunami, pacobèn ing gesang punika sansaya mindhak jaman sansaya mindhak ageng lan sansaya nggegirisi. Mila mangga kita tansah ngamplok, raket, caket tan pethal kaliyan “witing kawilujengan”, inggih punika Gusti Yesus Kristus. Lumantar pandonga saben dinten dhumateng Panjenenganipun, saé pribadi dalasan ugi brayat, kawilujengan mesthi tansah nyarengi gesang kita! [wn]

“Yèn nunggi lan Gusti, rinten-dalu. Manah langkung tentrem, arahayu” [Kidung Pasamuwan 130]

Renungan Harian

Renungan Harian Anak