Waosan: Rum 9:6-13 | Pamuji: KPK 129
Nats: “Kuwi ateges yèn sing kasebut putra-putrané Gusti Allah mau dudu anak-anak sing dilairaké miturut daging. Sing dianggep tedhak-turuné sing sah kuwi mung anak-anak sing dilairaké manut prejanjiané Gusti Allah.” (ay. 8)
Cristiano Ronaldo utawi CR7, pemain sepak bola saking Portugal, ingkang misuwur sadonya kagungan putra angkat saking Aceh. Martunis, nami putra angkatipun Ronaldo. Martunis dados putra angkatipun Ronaldo, awit kedadosan Tsunami 26 Desember 2004. Ing salebeting kasangsaran ingkang dipun raosaken, Martunis pikantuk berkah, awit dados putra angkatipun Cristiano Ronaldo. Senaosa dados putra angkat, nanging anggenipun nggulawenthah, kados putranipun piyambak. Sedaya kabetahan dipun cekapi. Wiwit 28 Juni 2015, Martunis ugi pikantuk beasiswa saking Sporting Foundations kangge sinau ilmu sepak bola. Inggih punika klub sepak bola, ingkang dados papan sinaunipun Cristiano Ronaldo, rikala taksih alit. Mboten namung punika, Martunis ugi pikantuk hadiah saking Cristiano Ronaldo iPhone 6, ingkang reginipun watawis Rp. 10 juta. Kados pundi nggih raosipun, dados putra angkatipun CR7? Mbokmenawi mbingahaken sanget.
Tamtu bingah dados putra angkatipun CR7, nanging langkung bingah malih menawi dados putranipun Allah. Sinten ingkang saged dados putranipun Allah? Punapa bangsa Israel, minangka tedhak turunipun Bapa Abraham secara kadagingan? Rasul Paulus nerangaken bilih ingkang dados dhasar dados putranipun Allah inggih punika sih rahmat lan kamirahanipun Gusti. Punika ateges bilih sedaya umat manungsa saged dados putranipun Allah, mboten namung tiyang Israel, tedhak turunipun Abraham secara kadagingan. Sinten kemawon ingkang pitados dhateng Gusti Yesus Kristus dados para putranipun Allah. Wonten ing Sang Kristus Yesus kita kasebat putranipun Allah. Awit saking Sang Kristus Yesus, kita kaangkat dados para putranipun Allah.
Kabingahan ingkang kita tampi, tamtunipun nglangkungi kabingahanipun Martunis. Mangga dados putranipun Allah ingkang setya nindakaken pitedahipun sarta njunjung asmanipun Allah ingkang mulya! Amin. (SWT).
“Kang Maha Kwasa nganggep putra mring kita”