Waosan : Yokanan 13 : 31 – 35 | Pamuji : KPK 105
Nats: “Kanthi mangkono wong kabeh bakal padha mangerti, yen kowe padha dadi muridKu, yaiku menawa kowe padha tresna-tinresnan.” [ayat 35]
“Senyum wanita, seribu misteri sejuta arti, di hadapanmu ‘ku ‘tak berdaya menutupi...”, mekaten ungelipun salah satunggaling lagu ingkang kondhang ing taun 1990-an. Menawi dipun penggalih, syair lagu punika nedahaken bilih esemipun piyantun estri punika tandha ingkang nggadhahi arti ingkang kathah lan mawarni-warni tegesipun.
Menawi langit sampun ketingal peteng dhedhet kesaput mendhung, kita saged mastani menawi sekedhap malih badhe jawah. Kita ugi saged mastani menawi badan kita sakit nalika kraos benter. Tegesipun, wonten ing alam donya punika sedaya kahanan wonten pratandhanipun.
Semanten ugi kaliyan tiyang Kristen, pratandha ingkang paling cetha punika nggadhahi sipat tresna-tinresnan (ay. 35). Ananging sampun kathah tiyang Kristen ingkang sampun kecalan pratandha punika, sampun madha rupa kaliyan donya punika. Kekristen asring dipun raosaken kanthi tata lair kemawon. Contonipun: wonten tiyang ingkang ngangge kalung salib ingkang ageng, kaca mobilipun dipun paringi stiker ingkang ngristeni, nanging tumindakipun ugal-ugalan nalika nitih kendaraan. Kosokwangsulipun, wonten ugi ingkang ketingal prasaja nanging tumindakipun alus, ngajeni dhateng tiyang sanes, welas asih, sabar, loma, nresnani dhateng brayatipun, lsp.
Miturut pamanggih panjenengan, tiyang ingkang pundi ingkang langkung saged dipun wastani tiyang Kristen? Menawi pilihan panjenengan punika kados conto ingkang nomer kalih, tegesipun bilih ingkang paling pas dipun wastani tiyang Kristen punika inggih punika tiyang ingkang saged ngecakaken dhawuhipun Gusti Yesus wonten ing gesanipun, sanes ingkang namung ketingal Kristen secara tata lair.
Kados pundi kaliyan gesang panjenengan? Punapa sampun saged mujudaken dhawuhipun Gusti Yesus bab tresnan-tinresnan dhateng sesami? Sumangga kita jawab pitakenan punika kanthi menebing kalbu. Sumangga kita sami ndhadha diri kita piyambak wonten ing ngarsanipun Gusti. Amin. [DK]
“Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki!”