Waosan : Wulang Bebasan (Amsal) 25 : 11 – 22 | Pamuji : KJ 176
Nats: “Pepelinge wong wicaksana iku tumrap kuping kang nilingake, kaya ali-ali mas utawa pasren mas murni.” [ayat 12]
Wonten satunggal kelas ing salah satunggaling sekolah, ingkang siswanipun kawentar nakal lan asring mbalela dhateng guru-gurunipun. Sejatosipun anggenipun nakal punika karana kelas kalawau dipun anggep kelas buwangan, mila dipun bedakaken kaliyan siswa saking kelas sanesipun. Kahanan punika lajeng nglairaken raos gething ing manahipun para siswa ing kelas punika.
Ing satunggaling dinten, wonten ontran-ontran. Guru ingkang saweg mucal ing ngriku nepsu karana piyambakipun rumaos sampun dipun “kerjai” dening siswanipun. Nalika dipun dangu sinten ingkang sampun damel ontran-ontran punika, mboten wonten ingkang purun ngaku, ngantos guru punika rumaos judheg. Mekaten ugi nalika wali kelas ingkang ndangu, ugi taksih mboten wonten ingkang ngaku.
Sanes wekdal, nalika pelajaran sosiologi, guru pelajaran kalawau ugi ndangu dhateng para siswa, mboten ngantos dangu, wonten salah satunggaling siswa ingkang ngacung lan ngakeni bilih piyambakipun ingkang sampun damel ontran-ontran. Guru kalawau dipun kenal kaliyan para siswa minangka guru ingkang sareh lan saged dados tiyang sepuh tumrapipun para siswa ingkang dipun wastani nakal punika. Para siswa rumaos dipun ajeni, dipun anggep kados putranipun lan dipun anggep kados dene siswa-siswa sanesipun ing sekolah punika. Kados-kados, para siswa ingkang nakal punika mboten gadhah daya, lulut, manut lan mboten saged goroh menawi ibu guru punika ingkang ngendikan.
Ibu guru kalawau sampun dados tiyang sepuh, ingkang nresnani dhateng putra-putranipun, mila para siswa saged ngraosaken katresnanipun lan mboten badhe kumawantun dhateng piyambakipun. Sedaya sami lulut, manut lan pitados. Punapa kemawon ingkang dipun dhawuhaken badhe dipun turut. Pancen leres dhawuhipun Kitab Suci, bilih pepeling ingkang dipun lambari kawicaksanan lan katresnan punika saged ngewahi kahanan ingkang boten sae dados sae, mila saged nuwuhaken katentreman dhateng sinten kemawon ingkang mirengaken.[DK]
“Pituture wong wicaksana luwih aji tinimbang emas lan salaka.”