Waosan: Jabur (Mazmur) 119 : 33-40 | Pamuji: KPK 192
Nats: “Manah kawula kadamela kasengsem dhateng dhawuh pangandika Paduka, ketimbang remen dhateng prekawis ingkang nistha.” (ay. 36)
“Kotbahe kok suwe tenan, nganti lali Amin.” Punika umumipun ingkang badhe kelair menawi pengkotbah anggenipun mbabar pangandika radi dangu. Kosok wangsulipun menawi kotbahipun kecekak’en, warga pasamuwan umumipun tetep komentar, “kok sedhela tenan, sik saangopan wae kok wis rampung”.
Nggelaraken tuwin mirengaken sabda punika pancen kathah godhanipun. Ingkang nggelaraken (pengkotbah) kagodha kepengin ngomong sakathah-kathahipun. Lha, ingkang mirengaken saged kagodha ngantuk, konsentrasi buyar, lan saged ugi kagodha agenda-agenda kita sanesipun, kados ta: ningali sinetron, ningali siaran bal-balan, lsp. Punika taksih perkawis mirengaken, dereng perkawis nglampahi. Tamtu langkung abot malih godhanipun.
Tamtu kita sarujuk bilih sabdanipun Gusti punika pas. Pas mandhap lan manggen ing salebeting manah ingkang tinurbuka, pindha lemah ingkang subur, supados saged ngoyod sarta nguwoh ing lampahing gesang. Punika sedaya kedah pas-manteb tuwuh saking manah. Menawi mandhapipun ing manah ingkang dereng pas, samubarang sarwa klentu. Kotbah kesuwen klintu, kotbah kecekak’en klintu. Ingkang diremeni, ingkang langsung amin, ateges boten sisah mirengaken kotbah. Awit sabdanipun Gusti rumaos ngganggu gesangipun. Awit gesangipun boten nate kacundhukaken dhawuhi-Pun.
Jabur 119: 33-40 nedahaken supados manungsa punika sageda kasengsem dhateng dhawuhipun Gusti. Kados pundi murih kita kasengsem dhawuhipun Gusti. Punika wonten prosesipun: 1) Weruh dadi manut (ayat 33). 2) Ngerti dadi netepi (ayat 34). 3) Mbangun turut dadi dhemen (ayat 35).
“Pengin dhawuh apa dhawah?” Punika jejer renungan dinten punika. Dhawuh lan dhawah punika mbokmenawi caket gegayutanipun. Menawi kita nampi dhawuh, kita boten badhe dhawah. Nanging menawi kita nampik dhawuh, kita badhe dhawah. Awit tiyang ingkang nampi dhawuh punika, gesangipun sampun manggihaken padhanging nalar, tuwin weninging batos, manggih tentrem rahayu. Nanging ingkang nampik dhawuh, badhe dhawah, karana gesangipun namung nggugu karseng pribadi, sakarepe dhewe, tan wanuh dhateng sabdaning Gusti. Mangga pilih dhawuh napa dhawah? Amin. (pong).
“Kitab Suci kang lungset mratandhani karohanen kang manteb.”