Pasa Cara GKJW

18 January 2017

Waosan : Matius 9 : 14 – 17 | Pamuji : KPK 137 : 1, 2
Nats: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.” [ayat 15]

Wonten pitakenan saking warga GKJW ”Kados pundi siyam miturut pranata GKJW?” Warga ingkang pitaken mekaten kalawau mawarni-warni alasanipun. Sepisan, karana piyambakipun pancen kepengin mangertos saestu bab siyam miturut pranata GKJW. Kalih, karana piyambakipun bingung bab tata cara ingkang leres kangge nindakaken siyam. Kaping tiga, karana piyambakipun mengertosi bilih wonten greja-greja sanes ingkang nindakaken siyam, mila kangge piyambakipun, warga GKJW kedah ngupaya siyam menika. Pancen bilih dipun gatosaken salebeting tata pranata GKJW dereng wonten pranata khusus ingkang njlentrehaken bab punika. Warga saged nindakaken siyam adhedhasar dhawuh pangandika saha piwucalipun Gusti Yesus ing kitab suci.

Para sakabatipun Nabi Yokanan matur dhateng Gusti Yesus, ”Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat Paduka kok boten?” Saking pitakenan menika, kados-kados tiyang-tiyang punika rumaos langkung sae, langkung ngabekti dhateng Gusti tinimbang para sakabatipun Gusti Yesus. Lajeng Gusti Yesus dhawuh kanthi wicaksana, ”Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.” Punika nggambaraken Gusti Yesus minangka temantenipun. Ing wanci para sakabat sareng kaliyan Gusti Yesus tansah bingah, sukarena lan binerkahan. Nanging wonten wancinipun Gusti Yesus ngadhepi kasangsaran lan pati, ing ngriku wegdalipun kangge para sakabat ndedonga lan siyam.

Siyam ingkang kita tindakaken kedah adhedhasar niyat kepengin rumaket lan nyelak dhateng Gusti Allah. Siyam sanes kwajiban ingkang ngiket nanging sarana supados kita kiyat ngadhepi sedaya perkawis ing gesang. Nalika siyam, manah lan gesang kita tansah tumuju dhateng Gusti. Kita nyuwun pitulungan, panganthi lan kawilujengan saking Gusti Allah. Karana punika siyam kedahipun ndadosaken mindhaking iman kapitadosan kita dhateng Gusti, sarta kita sangsaya setya tuhu ngabekti dhateng Gusti, nindakaken karsanipun kanthi temen-temen ing salebeting gesang kita sadinten-dinten. [AR]

“Siyam tanpa nindakake katresnan dhateng Gusti lan sesami muspra”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak