Pangabektine Dhateng Gusti

Waosan : Mazmur 95 : 1 – 11 | Pamuji : KPK 32 : 1, 2
Nats: “Panjenengané iku Allah kita, kita padha umat ngèn-ngènané, wedhus rèh-rèhané astané. Ing dina iki muga kowé padha ngrungokaké swarané!”[ayat 7]

Bapak Aji sampun dangu anggenipun boten tindak greja. Kesibukan lan pendamelanipun ing dinten Minggu dados jalaran piyambakipun boten saged dhateng greja. Ing satunggaling dinten Minggu, piyambakipun saged prei lan kepengin ngabekti dhateng Gusti. Lajeng piyambakipun tindak greja. Sareng dumugi greja, wonten ingkang uluk, ”Kadingaren tindak greja, Pak”. Sanesipun tanglet: “Punapa mboten nyambut damel, Pak?” Pangucap mekaten menika saged ndadosaken manahipun Pak Aji menika semplah lan mutung boten badhe dhateng greja malih. Sanyatanipun Pak Aji tetep ngabekti dhateng Gusti boten kenging pengaruh swanten-swanten ingkang boten sae kangge piyambakipun. Pak Aji sadhar bilih piyambakipun sampun dangu boten ngabekti dhateng Gusti, sapunika piyambakipun sampun kabikak manahipun, lan nindakaken pangabekti dhateng Gusti.

Juru Mazmur ing waosan menika, ngajak bangsa Israel tansah marek sowan ing ngarsanipun Gusti kanthi surak-surak memuji ngluhuraken asmanipun. Sami ngaturaken pamuji sokur lan mazmur awit saking pakaryan lan katresnanipun Gusti Allah ingkang agung. Piyambakipun ugi ngajak tumungkul sujud ing ngarsanipun Allah karana bangsa Israel kawastanan menda-mendanipun Gusti ingkang dipun rimati Gusti. Pramila kedah purun mirengaken pangandikanipun Gusti, sampun ngantos kados para leluhuring Israel ingkang wangkot manahipun nalika mirengaken pangandikanipun Gusti Allah.

Dinten menika, Gusti Allah nimbali supados kita ngabekti ing ngasanipun kanthi manah ingkang tulus. Pangabekti kita dhateng Gusti wujud patunggilan kita kaliyan Gusti Allah. Srana pangabekti, kita memuji, ndedonga, mirengaken pangandikanipun, mangertos karsanipun, lan saos sokur dhateng Gusti. Kados menda ingkang dipun tuntun lan dipun rimati kaliyan juru pangon menda, mekaten ugi kangge kita ingkang setya tuhu ngabekti dhateng Gusti. Gesang kita tansah dipun tuntun lan dipun rimati Gusti Allah. Karana menika mangga kita sami nindakaken pangabekti dhateng Gusti kanthi setya. Kita nindakaken pangabekti klayan bingah lan sukarena, minangka tandha katresnan kita dhateng Gusti ingkang sampun nuntun lan ngrimati gesang kita. [AR]

“Wong sing ngabekti marang Gusti iku wong kang temen lakune.”

 

Bagikan Entri Ini: