Pandakwa Awon

6 November 2016

Waosan : Ayub 19 : 23 – 27a | Pamuji : KPK 108
Nats: “Aku sumurup yèn Panebusku iku gesang; wekasané Panjenengané bakal wungu mitulungi aku.” [ayub 25]

Kados pundi raosipun menawi panjenengan dipun dakwa (dituduh) lepat utawi awon? Kamangka panjenengan boten tumindak lepat utawi awon, malah kanthi pambudidaya anggen panjenengan tumindak leres lan sae. Saboten-botenipun mesthi raosipun gela, utawi nlangsa, utawi malah jengkel lan nesu. Menapa malih yen ingkang ndakwa menika jebul malah rencang utawi sedherek utawi kulawarga piyambak. Raos gela, nlangsa, lsp. menika limrah. Lajeng kita mesthi ngajeng-ajeng wonten ingkang karsa mbelani kita.

Lah mekaten ugi ingkang dipun alami dening Ayub. Panjenenganipun dipun dakwa dening para sekabatipun. Panjenenganipun dipun dakwa sampun damel dosa nglawan prentahipun Gusti Allah, temah ngalami pagebluk: bandha donyanipun sirna, para putranipun tiwas, badanipun kebak borok. Tamtu kemawon Ayub rumaos nlangsa manahipun lan gela dhateng sikepipun para sekabat dene sami mentala ndakwa Ayub mekaten.

Nanging Ayub tetep kukuh bilih panjenenganipun boten tumindak dosa. Panjenenganipun yakin bilih Gusti Allah ingkang jumeneng Panebusipun mesthi pirsa tumindakipun Ayub ingkang sanyata. Ayub yakin bilih ing titi wancinipun ingkang gumathok panjenenganipun badhe ningali Gusti Allah mitulungi panjenenganipun. Gusti Allah mesthi badhe mbelani bilih panjenenganipun boten tumindak dosa. Malah Gusti Allah mesthi badhe mulihaken kawontenaning badanipun, kulawarganipun, ugi bandha donyanipun.

Ngengeti ingkang mekaten sumangga kita:

  1. Sabar sareh menawi wonten tiyang ingkang ndakwa kita lepat! Kita kedah tansah tumindak leres lan sae. Yakin bilih ing titi wancinipun Gusti Allah mesthi mbelani, mitulungi lan mberkahi kita.
  2. Sampun gampil ndakwa lepat utawi awon dhateng tiyang sanes. Pandakwa kita saged lepat, awit kita boten mangertos ingkang sanyata. Pandakwa kita badhe nggelani, nlangsani lan malah nglarani manahipun. [st]

“Sapa ndakwa liyan ala, sejatine nuduhaken alane dhewe.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak