Waosan: 1 Petrus 4 : 1 – 19 | Pamuji: KPJ. 452 : 1, 4
Nats: “Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe.” (Ayat 14)
Bapa Pdt. R. Tasdik nalika sugengipun nate dhawuh bilih ing jaman Jepang taun 1945, kathah pandhita GKJW ingkang dipun lebetaken ing pakunjaran dening penjajah. Miturut pawartos ingkang kapireng, para pesakitan menika boten dangu malih badhe dipun eksekusi pejah. Mukjijatipun Gusti ing tanggal 14 Agustus 1945, Herosima lan Nagasaki dipun bom atom dening Sekutu temah Jepang nyerah. Gandheng saking menika, para pandhita GKJW ingkang dipun kunjara kalawau dipun luwari lan boten siyos dipun eksekusi pejah. Dene ingkang dados panggalihipun bapa Pdt. R. Tasdik, panjenenganipun boten kalebet pandhita ingkang kakunjara. Pramila lajeng kagungan raos, “Apa aku iki ora kalebu pandhita?” Panjenenganipun sisah amargi boten ndherek nyanggi kasisahan ingkang alami dening para pandhita sanesipun.
Kados carios ing nginggil Rasul Petrus dhawuh, “Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe.” Manawi wonten tiyang Kristen ingkang dipun siya-siya utawi dipun wewada amargi asmanipun Gusti Yesus, sampun ngantos lajeng rumaos alit ing manah nanging kedah tansah bingah. Amargi menika dados pratandha bilih kita dipun keparengaken ndherek nyanggi kasangsaranipun Gusti lan badhe nampeni kamulyan swargi (ayat 13). Kita kedah tansah bingah amargi nedahaken bilih kita kapetang dados tiyang rahajeng ingkang kadunungan Rohipun Allah (ayat 14). Nanging sampun ngantos klentu, manawi kita sangsara jalaran dosa kita piyambak inggih kedah prihatos.
Nglampahi tumindak sae lan leres kados dhawuh pangandikanipun Gusti ing Kitab suci, wonten satengahing jagad ingkang kebak dosa menika boten gampil. Mesthi kathah tiyang ingkang boten remen, gething lan mengsahi kita. Nanging sampun ngantos kita isin lan ajrih lajeng kendel (berhenti) anggen kita nindakaken kasaenan lan kaleresan. Awit manawi kita nandang sangsara amargi ngugemi dhawuh pangandikanipun Gusti, menika dados bukti nyata tumrap kakristenan kita. Kita kedah rumaos bingah lan saos sokur ing ngarsanipun Gusti dene dipun keparengaken ndherek manggul salib. (esje)
“Prayogi nyuwun tambahing kakiyatan tinimbang nyuwun kaenthengan”