Padamelanipun Gusti

8 June 2016

Bacaan: Yesaya 56: 1–8  |  Pamuji: KPK 32: 1
Nats:
“…….awit padalemaningSun bakal sinebut dalem pamujan tumrap sakabehe bangsa” (ayat 7)

Bencana gelombang tsunami ndadosaken Pak Agus mboten saged pinanggih semahipun watawis 5 taun. Senaosa sampun ngupadi lumantar siaran stasiun TV, ananging tetep mboten saged manggihaken semahipun. Kenging punapa kok mekaten? Bencana gelombang tsunami ndadosaken pasuryan lan raganipun Bu Agus ewah lan radi cacad karana keli ing seganten dangunipun seminggu. Perkawis punika ndadosaken Bu Agus lajeng minder (isinan), karana ing pemanggihipun upamia pinanggih semahipun tamtu ugi badhe pangling, malah-malah mboten saged nampi kasunyataning dhirinipun ing ewah menika. Nanging wonten lelampahan ngeramaken nalika Pak Agus wusananipun saged manggihaken semahipun, Pak Agus malah namung pitaken “Apa sliramu isih tresna lan setya marang aku?” Kanti sesenggukan Bu Agus mangsuli bilih piyambakipun inggih sanget anggenipun setya.

Para sadherek, raos-pangraos kita minangka manungsa titahipun Gusti, asring minder lan lingsem dhumateng Gusti nalika kita nggadhahi raos lepat lan nerak angger-anggeripun Gusti. Malah-malah ugi karana raos mekaten lajeng kita sekedhik mbaka sekedhik nebih saking patunggilan, sae punika anggen kita nyatunggil kaliyan pasamuan utawi kaliyan Gusti ing salebeting pandonga lan pangibadah. Pemanggih ingkang mekaten tundhonipun namung malah nebihaken kita kaliyan Gusti. Karana kita sampun milah-milah piyambak antawis Gusti sarta umatipun ingkang suci kaliyan kita ingkang rumaos dosa lan kebak jejember.

Mboten mekaten saleresipun Gusti punika. Gusti mboten nate mbentenaken saben tiyang punapa kemawon, suku bangsa, kasugihan, drajat. Ingkang baku bilih tiyang punika purun tansah ngupadi njagi patunggilan kaliyan Gusti lan njagi kasucening gesang lan pangibadahipun. Rahajeng saben tiyang ingkang estu setya tuhu lan remen njagi kasucen lan nindakaken dhawuhipun Gusti ing gesangipun, karana tiyang punika saged kasebat dados  dalem pamujan ing alam ndonya. Kasagedna gesang kita lan wewangunan greja dados padalemanipun Gusti kagem sedaya bangsa. Tegesipun, ing gesang kita lan greja sedaya saged ningali katresnan, pakaryan lan karsanipun Gusti. (narodo)

“Gusti mugi karsa dedalem ing gesang kawula saben dinten!“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak